KITAB USHULUL MA'RIFAT EDISI BOSO JOWO
Kitab Ushulul Ma’rifat SYEH HAJI MUHAMMAD SIROJ ARIF BILLAH Bismillaahir rahmaanir rahiim Alhamdu lillaahi wahdahu laa syariikalahu washshalaatu was salaamu ‘alaa rasuul llaaahi wa ‘alaa aalihi wa shahbihii wa man wa laahu laahawla wa laa quwwata illaa billaahi. Asyhadu al laa ilaaha illallahu allaahu wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan abduhu wa rasuuluhu ammaa ba’du. Faqaalasysyakhus siraajul ‘aarifu qad allaftu kitaaban almusamma bi ushuulil ma’rifati wat tawhiidi wa ja’altuhaa abwaaban albaabul awwali fii bayaani tafsiimil bismillaahi ay ‘ilmal bismillaahi wasirra ahruu fihaa liannahaa ibtidaau kulliamrin waghayatuhaa wa ibtidaau kulli kitaabin minal qur aanil kariimi ilaghayrihaa. Artine mangkene : Panjenengane Syeh Siroj ‘Arif Billah ngandika wus temen-temen nganggit sapo ingsun ing kitab kang den arani Ushulul Ma’rifat lan ugo di arani Ushulut Tauhid. Lan kitab iku di dadekake kanti pirang-pirang bab utawi pirang-pirang fasal : Dene utawi bab kang sepisan iku nerangake bahasane lafat Bismillah. Tegese nerangake isine lafad Bismillah lan nerangake pengerten artine lafad Bismillah lan pangerten isine harupe lafad Bismillah. Jalaran saktemene Bismillah iku dadi kawitane sekabehane perkoro. Lan dadi pusangkasane sekabehane perkoro. Lan ugo dadi kawitane sekabehane kitab awit saking kitab Qur an maring liya-liyane. Dadi yen siro arep mangertene sejatine allah iku kudu mangerteni ing isine lafad Bismillah. Yen siro arep mangerteni alam sak isine iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah. Yen siro arep mangerteni ing isine ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah.Yen siro arep mangerteni kembange ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah.Yen siro arep mangerteni ing wohe ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah.Yen siro arep mangerteni ing pathoane ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah.Yen siro arep angerteni ing dadunge ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah.Yen siro arep angerteni ing akehe ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah.Yen siro arep angerteni ing shalat ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah. Wis cekae arep mangerteni opo wae iku kudu mangerteni ing isine Bismillah sampek mas-alah dhahir bathin awal akhir iku iku kabeh kamot ing Bismillah. Mulo wang lanang wadon iku wajib mangerteni ing artine isine lafad Bismillah. Yen siro kasi ora ngerteni lan ora weruh ing artine Bismillah iku dadi kafir. Tegese mripat lan atine isih kaling-kalingan, tegese wong iku durung biso ma’rifat billah kang sampurno senajan wong iku mau wus sampurno utowo wus kuncoro alim olehe munduk wus sewu tahun.lan gurune wus sewu guru. Lan kitabe wus sewu kitab. Lan muridewus pirang-pirang ; tegese wus ewon-ewon. Lan biso mlaku ono sakjerone banyusegoro tanpo prahu. Lan biso mlaku sakjerone bumi. Lan biso metu awang-awang tanpo tumpaan. Lan selulup ono ing geni tanpo kroso panas lan biso ngilang. Lan jopo opo wae duwe. Lan ibadahe luweh khusuk yen dongo opo kang dituju teko, tapi wong iku mau kok ora weruh lan ora ngerteni ing artine lan isine lafad Bismillah lan isine huruf lafad Bismillah maka isih kafir ‘Ibdallah. Senajan wong iku turun kiyai utowo turun wali utowo turun turun wong alif lan turun nani pisan iku mau yen ora ngerti ing isine Bismillah ugo isih kafir ‘ibdallah, islame isih ‘Indannas. Dene yen wis ngerteni lan biso weruh ing artine Bismillah lan isine hurupe lafad Bismillah . senajan wong mau turun Jawa utowo turun Cina utowo tiurun Walondo utowo turun butho. Lan senajan wujud Jawa utowo wujud Walondo utowo wuyjud Cina utowo wujud butho utowo wujud Dayak lan sak piturute iku wus Islam ‘Indallah. Mulo yen siro kepengin dadi wong Islam ‘Indallah mbuh wong lanang mbuh wong wadon mbuh tuo mbuh enom podo ngestokno lan nemen-nemenono gulek pangerten mangerteni ing artine lan isine hurupe Bismillah. Pomo-pomo ojo sembrono lan ojo kasi ora ngerti ing isine Bismillah. Yen ora ngerti mongko ora afsoh kabeh amale lan ora diterima deneng Allah, mongko ibadah ora afsoh mongko tobat ora diterima. Banjur ngancik fasal nerangake Alipe Bismillah. Dene Alipe lafadl bismillah iku satemene alif ahadiyah. Lan diarani alif dzatulwahid. Tegese alif yaiku tondo anane ahadiyah. Tegese tondo anane dzat sejati. Lan nyatane anane pengeran yaiku nyatane anane Allah belaka. Yoiku kang duweni Cahyo Urip. Urip tunggal kang nguripi iyo iku kang den arani Banyu Nur Alif. Lan den arani banyu sejati. Lan den arani ratu ning banyu. Lan den arani urepe Allah. Lan den arani tunggal karupate. Pati tunggal karo urip. Naliko semono iku Allah durung berahi wujude isih wujud mahdhi tegese wujud kang sakwaca. Tegese tegese iseh wujud tunggal urip tunggal rasa tunggal ora ana liyo-liyo kajobo Allah kang nyata. Ya mangkono iku den arani La-ta’yun tegese durung ono kang ngerteni wujude Allah babar pisan. Tegese isih wujud Dewe tanpo ono kang maujudake urip dewe tanpa ono kang nguripake jumeneng dewe tanpo ono kang Jumenengake. Mula den arani wujud mahdhi lan wujud Dzat Sejati. Dalile ono kitab suci Al Qur’anul Karim mangkene Qul huwallahu ahad artine mangkene Dawuhno Muhammad marang ummat kabeh, Yen saktemene Allah iku naliko durungberahi tegese naliko durung kerso andadeake kabeh alam isih wujud tunggal urip tunggal rasa tunggal. Yaiku katarangane isine Alipe lafad Bismillah. Wallahu a’lam. Fasal nyeritaake Ba’e lafadl Bismillah. Dene Ba’e lafat Bismillah iku tuduh anane Wahdah. Anane wahdah iku nuduhake sifat sejati. Lan ingkang aran sejatine Muhammad. Lan ingkang aran Hakekate Muhammadiyah. Dadi lamun ana womg kok ngaku Muhammadiyah, tapi kok orak ora ngerteni artine Bismillah iku durung Muhammadiyah sejati. Lan uga den arane nyatane Dzatullah, banjur ana sejatine Nurullah. Lan den arani sejatine Nur Muhammad, lan den arani nyatane kenyatahane Allah iya iku kang dadiwijine sekabehane alam.Dadi ngertiya yen alif ladl bismillah iku kang dadi wijine sekabehane urip lan wijine sekabehane ruh. Dadi wujude apawae lan sekabehane apawae lan sebehane barang kang dumadi iku ora liya mung songka ba’e lafadl bismillah dadi ba’e lafadl bismillah iku kena diarani wijine sekabehane alam. Dadi uripe sekabekabehane alam lan dlahire sekabehane alam iku ora liya mung songka alipe lafadl bismillah lan ba’e bismillah. Kerana alipe lafadl bismillah lan ba’e lafadl bismillah iku dadi bapae lan ibune sekabehane alam. Dene alipe lafadl bismillah iku den arani sejane Nurullah dene ba’e lafadl Bismillah iku den arani sejatine Nur Muhammad nuli sakwuse mangkono Nurullah lan Nur Muhammad iku mahu banjur kumpul dadi suwiji nganti ora kena di bedake babar pisan. Mulane kumpule Nurullah lan Nur Muhammad iku mahu kena den arani kumpule lanang sejati marang wadon sejati iya iku kang den arani Nur Ma’an nur dalile dawuhe Allah Ta’ala katerangan ana kitab suci Al-Qu’anul Kariim mangkene: Nuurun ‘ala nuurin yahdillaahu linuurihi man yasyaau yakhribullaahul amtsaala linnaasi wallaahu bikulli syaiun ‘aliim. Tegese anane nur iku mau kerana setuhune gusti Allah arep nuduhake marang wong-wong kang den kersaake lan dadi conto saka Allah marang kabeh manusa yen sak temene Allah iku ngerti marang kabeh barang dumadi. Telas keterangane anane isine Ba’e lafad Bismillah. Fasal nyeritaake isine Sine lafad Bismillah. Dene Sine lafadl Bismillah iku tuduh anane wahidiyat iya iku nuduhake anane ilmu telu lan asma telu. Karena ilmu telu lan asma telu iku sak temene wis ana Sin kano. Dene kang den arani ilmu iku mangerteni Ahadiyat, wahdat, wahidiyat. Dene kang diarani asma telu iya iku: Allah, Muhammad, Adam. Tegese Allah iku Dzad Sejati, Muhammad iku Sifat Sejati, dene Adam iku Asma Sejati iya iku nyatane Rasul.Tegese kang dikarepake rasul iku nur kang uripe saking nuurullah iku nyatane adam. Adam kang dadi bapa-ane manusa kabeh. Mulane manusa iku kena diarani metu songka Adam. Fasal nyeritaake Mime lafadl Bismillah. Dene Mime lafadl Bismillah nyataake anane Roh Idlafi. Dene Roh Idlafi iku nyatane anane manusa sejati yaiku sejatine kang jinaten marang sejatine tan kena diwedar yaiku jasat nglimputi badan yaiku nyatane anane af’al sejati. Dene gandenge sin lan mim iku nuduhake anane ‘Alam Arwah lan ‘Alam Misal lan ‘Alam Ajsam lan ‘Alam Insan Kamil yaiku nyatane asmane Allah yaiku nyatane asmane dzat mutlaq. Tegese nyatane Muhammad kang dadi ganti dzat kang nyata. Dadi dzat kang sejatiiku Allah dzat kang nyata iku Muhammad. Lan kena diarani dhahire iku Muhammad. Haqiqate iku Allah. Dadi yen ditingali songka dhahir polah tingkahedzat mutlaq tapi yen ditingali sangka haqiqate polah tingkahe dzat sejati. Mula kabeh iku kena diarani kahanane pangeran lan kena diarani kenyataane Allah ta’ala. Dene sejatine Allah iku tan asma Allah sejati iku Dzat. Asma Allah iku Rahman, tegese nyatane Muhammad yaiku nyatane Alam Ajsam yaiku nyatane asmane rasul rupane Adam Idlafi. Dadine arane Bismi yaiku jisime Allah lan kena diarani Jisim iku negarane Allah yaiku nyatane asma telu; Jasad, Urip, Allah yaiku kang den arani Asma Telu kang den aku Wujud Tunggal lan den kena diarani Dzat Mutlaq. Dadi badan sak nyawane nyata tunggal banyur kenaden arani Wujud Mutlaq Dzat Mutlaq. Yen mangkono kena den arani Rlan kena den arani Rasa Tunggal lan kena diarani kalimat Syahadat Loro tegese wus ngerti sejatine Allah lan ngerti sejatine Muhammad. Lan wus ngerti sejatine dhahir lan ngerti ing sejatine bathin, dhahire nabi bathine wali. Tegese dhahire Muhammad bathine Allah. Lan den arani jasad Muhammad urip Allah. Lan den arani dhahire kawula bathine Pengeran,” Tegese wus ngerti ing sejatine badan lan ngerti ing sejatine urip,yaiku nyata sejatine bapak lan biyung. Jalaran wus ngerti careme alif, lan careme sin. Banjur nyata wis sekalir kang den basa’ake kayu loro pange siji ˇ rupane yaiku patutane sifat Jalal lan sifat Jamal. Sifat Jalal iku Nurullah yaiku lanang sejati sifat Jamal iku Nur Muhammad yaiku wadon sejati arane. Sifat Jalal iku kuasa ngetoake wesi. Sifat Jamal iku kuasa ngetoake watu yaiku campure wesi lan watu banjur dadi geni à Dene ibarate geni iku campure raga lan urip yaiku kaweruhana kang nyata jalaran ora bakal ana geni yen ora ana wesi lan watu. Lan ora bakal ora anak yen ora bapak lan ibu. Lan ora bakal ana Wahidah yen ora ana Ahadiyah lan Wahdah. Jalaran iku asale metu songka Ahadiyah. Ahadiyah ngelahirake Wahdah ngelahirake Wahidah, Wahidah ngelahirake ing kabeh alam. Ahadiyah makame dzat Wahdah maqame sifat Wahidiyah maqame asma kabeh alam maqame Af’al ora ana Af’al yen ora ana asma. Ora ona asma yen ora ana sifat ora ana sifat yen dzat. Jalaran kabeh Af’al, Asma, Sifat iku haqe Dzat. Mula kabeh iku kagungane Dzat. Dadi yen wis bisa fana’ Dzat lan fana’ Sifat lan fana’ Af’al banjur bisa Kamal. Jalaran wus kabeh bali utawa wus manggon ana dzat kabeh. Yen wus bisa kamal banjur bisa Qahaar. Tegese dhahir bathin wus bisa kumpul dadi suwiji lan kena den arani lorone tunggil telune tunggal tunggal dadi suwiji. Mula sira mangerteyo kumpule jasad ati roh rasa Allah sak jerone rasa wis kaya kumpule lanang sejati lan wadon sejati. Nalika metune wisi lan watu lan campure wesi lan watu yaiku campure banyu nur alif lan banyu nur ba’ iku kena den arani Insaanul kaamil, Kaamilul Insaan. Dene asma rahiim iku arane asihe allah yaiku nyatane badan nglimputi jasad iya aran nyata kang cinaten ing sejatine yaiku ora liya iyo mung metu sangka sifat Jalaal lan sifat Jamaal wis mung iku jalaran iki larangan kawedar sabda larangane kabeh wali mung kudu nganggo isarat kersane Allah Ta’alaa. Bab. Kaping pindo: Nerangake masalah Islam Dene Islam iku ana loro. Kang siji diarani Islam Naqish. Kang siji diarani Islam Kamil. Dene kang den arani Islam Naqish iku Islam sepet supata getih, tegese Islam hukum angger hukume wus Islam ora kena den patine ora kena den beleh jalaran deweke wis Syahadat Syariat lan wis Shalat Syariat lan wis Zakat Syariat lan wis Poso Syariat lan wis Haji Syariat. Mung Haqiqate durung Syahadat lan durung Shalat lan durung Zakat lan durung Poso lan durung Haji. Beda karo Islam Sampurna, Islam ‘Indallah. Dene Islam Kamil iku Islam ‘Indallah iku Islam ora mungne selamet tapi Islam mungne pasrah. Dadi sak jiwane sak ragane sak dunyane sak akhirate kabeh wis dudu tanggung jawabe wis den pasrahake menyang sing duwe kabeh ora ngengeh babar pisan, yaiku kang den arani Islam Kamil lan Islam ‘Indallah, dudu Islam ‘Indan Nas, dudu Islam Naqish, mula iku kawerohana beda – bedane Islam Naqish lan Islam Kamil lan eling – elingen temenan. Jalaran yen Islam Naqish ik8u sak temene kurang banget. Jalaran ora afshah ‘Indallah yen ‘Indan Nas iya wis afshah. Mula iku lokak den karepake dawuhe Allah Ta’ala katerangan ana kitab suci Al-Qur’aanul Kariim: Innad diina ‘indallaahil islaamu waman yabtaghi ghairal islaami diinan falan yuqbala minhu. Mula ora den terima jalaran mung nekseni ora ngerti kang den sekseni shalate ora ngerti kang den shalate lan ora ngerti jeneng shalat. Zakat ora ngerti kang kang den zakate pasane ora ngerti kang den pasane. Hajine ora ngerti kang den hajine, maka saktemene kudu sempurna syahadate, sempurna shalate, sampurna zakate, sampurna posone, lan sampurna hajine pisan. Kabeh iku ora dunya ora akhirat mung kari Allah. Wallahu A’lam. Bab. Kaping telu: Nerangake derajate manusa kang iseh oleh pitulung Tegese isih oleh pitulung deneng Allah yaiku: 1. Derajat ‘Ubad, 2. derajat Muhibbin, 3. Derajat Muttaqin, 4. Derajat Shalihin, 5. Derajat ‘Arifin. Dene Derajat ‘Ubad iku derajat bocah kang isih cilik utawo derajat tukang preman. Dadi geleme nglakoni perinta kerana ana opah. Yen shalat ngarep-arep marang ganjaran, poso ngarep-arep ganjaran, zakat ngarep-arep ganjaran, haji ngarep-arep ganjaran, ngaji ngarep-arep ganjaran, wiridan ngarep-arep ganjaran, maca Qu’an ngarep-arep ganjaran, kabeh kang kerjani uga ngarep-arep ganjaran babar pisan ora ana kang kaliwatan kabeh amale jaluk ganjaran yaiku derajat ‘Ubad arane. Dene Derajat Muhibbin iku derajate wong demen negese demen marang demen ninda’ake perintahe Allah perkara upah kari sak kersane allah dhahir bathin ora duwe pengarep-arep babar pisan. Kaya mangkono iku derajate Muhibbin, amung ngemban dawuhe Allah marang kanjeng nabi Muhammad, katerangan ana kitab suci Al-Qur’an : “ Qul inkuntum tuhibbuunallaaha fatta’uuni yuhbibkumullaahu wa yaghfir lakum dzunuubakum’’. Artine Wahai Muhammad, ummatmu kabeh caritanana mangkene “Wahai ummatku kabeh, yen temen-temen demen sira kabeh marang Allah manuta sira kabeh ing ingsun.sak temene sira kabeh gelem ninda’ake marang perintah perintahe gusti Allah kaya oleh ingsun ninda’ake sira kabeh bakal den trisnani marang Allah lan den ngapura kabeh keluputane dhahir utawa bathin. Dene Derajat Muttaqiin iku derajat wong kang pada wedi marang Allah malah-malah deweke iku kabeh pada ngrumangsani dadi kawuka uen kasi ora ninda’ake perintah perintahe Allah kuwatir di seksa utawa den bendoni utawa di uring-uring ora kerana ngarep-ngarep opah, jalaran olehe kaya mangkono iku ningali dawuhe Allah Ta’ala. Katerangan ana kitab suci Al-Qur’anul Kariim mangkene. “ Yaa ayyuhan nasu’buduu rabbakumul ladzii khalaqakum wal ladziina min qablikum la’allakum tattaquun. Fattaqun naaral latii wa quuduhan naasu wal hijaaratu u’iddat lilkaafiriin’’. Artine mangkene: Hai eling-eling para manusa sira kabeh pada bektiyo tegese pada nindakno kang dadi perintahe Pengeran ira kabeh yaiku kang dadekake ing sira kabeh lan kang dadekake ing wong-wong kang sak durunge sira kabeh yen pancen sira kabeh iku pada dadi wongkang taqwa tegese wedi marang siksa lan bendu. Sira kabeh pada wediyo temenan marang siksa neraka. Jalalan neraka iku urub-urube manusa lan watu yaiku mangkene iku den arani derajat wongkang pada Muttaqin. Dene Derajat Shaalihiin iku derajat wong ahli adab, tata krama marang Allah. Deweke rumangsa dadi kawulane Allah tunduk marang Allah. Shalate anteng atine rasa taqwa, tegese wedi marang Allah Ta’ala, kuwatir yen kelupytan lan andap asor marang Allah kanti dingklukake raine tansah nyuwun maring Allah. Lan tansah eling maring Pengeran lan kanti nyuwun tinarimane amal lan nyuwu supaya den bales amale kanti di paringi suwargo kang nikmat kalawan oleh ridlane Allah. Lan ngedohi laku maksiat kabeh lakune kanti ngati-ngati, mung sayange ora Fana’Dzat, ora Fana’ Sifat, ora Fana’Asma, ora Fana’ Af’al iku ora. Lan percaya yen Allah pengeran iku gusti sababe olehe kaya mangkono iku gondelan karo dawuhe Allah Ta’ala, katerangan ana kitab suci AlQur’anul Karim. “ Faqaala ta’alaa; Wa basysyiril ladziina aamanuu wa ‘amilush shaalihaati anna lahum jannaatin tajrii min tahtihal anhaar”. Artine mangkene, Wahai Muhammad bebungahen ummatmu kabeh yaiku wong-wong kang pada percaya yen Allah iku pengeran, lan pada nglakoni wong-wong iku mau ing kabecikan, lan wong-wong kabeh iku maupada duweni bagian suwarga. Iyo suwarga iku panggonan ni’mat kang akeh nganti tekane ni’mat iku mau den serupa’ake koyo miline bayu bengawan lan kabeh ni’mat iku mau pinongko kangge rizqine wong ahli suwarga kono, yaiku wong Derajat Shalihiin. Dene Derajat ‘Aarifiin iku derajate para nabi lan para wali, yaiku derajat wong kang ngerti bakale lan ngerti gawene lan ngerti dadine lan ngerti omahe lan ngerti manggone ngerti papane lan ngerti mapane lan ngerti lungane lan ngerti baline lan ngerti mulehe. Dadi banjur ora rumongso duwe bekal lan ora rumongso duwe gawe lan ora rumongso duwe dadi, lan ora rumongso duwe omah, lan ora rumongsa duwe manggon, lan ora rumongsa duwe papan, lan ora rumongsa duwe lunga, lan ora rumongsa duwe bali, lan ora rumongsa duwe mulih, lan ora rumongsa duwe mapan, lan ora rumongsa duwe wujud, lan ora rumongsa duwe rupa, lan ora rumongsa duwe seneng, lan ora rumongsa duwe nikmat, lan ora rumongsa duwe marem, lan ora rumongsa duwe polah sak piturute. Jalaran kabeh iku mau mung kgungane Allah. Kerana kabeh mung wujud ‘Adam. Sing ‘Adam wujude, sing wujud ‘Adame aja maneh kok Amal Duweha, wujud wae ora duwe apik ora duwe, ola ora duwe, urip ora duwe. mula kaya mengkono iku pada retinana sing temenan. Yen kasi ora ngerti banjur ngaku barang dudu otheke iku jajal pikiren sing temenan mumpung durung kebacut. Dadi yen sira bisa ngerti yen sejatine wujud iku wujude Allah, kena den arani ngerti sejatine awak dewe, banjur ngerti ing sejatine Allah, yaiku kena mangkono iku mula Allah dawuh mangkene; “Man ‘arafa nafsahu faqad ‘arafa rabbahu’’. Yen ora mangerti kaya mangkono iku mau labok kaya apa olehe masyhur ‘alime mesti isih ngaku barang dudu otheke. Yen ngaku barang dudu otheke dudu jeneng Arifin. Lan bakal den jegoke karo sing duwe, nanging sa’rehne Allah Ta’ala iku adil banget cara 0mah sing biasane amur Allah iya amur Allah. Sing biasane omah amor mahluq iya omah amor mahluq wis mung nguno iku. Wallahu a’lam. Bab. Kaping Papat: Nerangake Iman Dene iman iku ana ing pirang-pirang macem; Siji iku den arani Iman Ikrar. Dene iman iqrar iku den arani iman wong ahli syare’at balaka, terima angger wus ngucapake ing dalil Qur’an yaiku; “Aamantu billahi wa malaaikatihii wa kutubihii wa rusulihii wal yawmil aakhiri wa bil qadri khayrihi wa syarrihi minallaahi’’. Yaiku Iman I’da Alim pangucap belaka. Loro iku den arani Iman Tashdiq. Tegese iman Tasdiq iku wus anduweni kiyaqinan ana sa’jerone ati ‘andel ba’it anane Allah lan kitab Al-Qur’an iku wahyu sangking Allah kaparingan marang kanjeng nabi Muhammad kangge pedoman nuntun marang ummat kabeh. Lan percaya anane kanjeng nabi Muhammad iku petugase Allah katugas mimpin ummat kabeh ajak marang kajujuran. Lan percaya anane dina akhir iku ana piwales kabeh kang den lakoni ana donya. Lan percaya anane pesthen olo becik saking Allah, bejo celaka uga saking Allah, bungah susah uga saking kersane Allah. Kabeh iku mau uga isih Iman wong Ahli Syare’at. Telu iku den arani Iman Tashdiq Iqrar, tegese iman tashdiq iqrar iku ucape ya iman atine ya iman tur bukti buh titik buh akeh wis duwe gabungan kitab Qur’an utawa hadits iku kabeh uga Iman wong ahli Syare’at. Papat iku den arani Iman Yaqin. Dene iman yaqin iku kebagi dadi loro. Siji iku den arani Iman Haqqul Yaqin, dene Iman ‘Ainul Yaqin iku imane wong ahli thareqah, dhahire kanti kerja mempeng kanti ridlane Allah percaya marang Allah kang paring apa kang diseja lan paring dalan kang bener yaiku dalane sowan marang ngersane Allah Ta’ala kanti depe-depe tapi durung bisa mangerteni menyang sejatine Allah Ta’ala. Dene Iman Haqqul Yaqin iku imane wong ahli thariqah maneh yaiku percaya marang sejatine Allah kanti adab, tegese tata krama lan depe-depe marang sejatine Allah kanti ngeningake pikiran lan eling marang sejatine Allah iku dzat, bilaa kayfin wa laa mitsaalin kanti ngangge pedoman kitab, olehe eling kanti banget tegese nganti teka rasa nanging durung tumeka Fana’ sampurna lan durung bisa Baqa’ keyaqinane isih didadekake diwujudake dirupaake diarani digawe diselehake dilako’ake dilaraake dirasake dibisaake dikuasaake dilungaake ditekaake lan sak piturute. (5)Lima iku den arani Iman Tauhid. Dene iman Tauhid iku imane wong haqeqah, yaiku wong sing ngerti haqeqate sejatine Allah lan ngerti asale tegese ngerti bakale lan ngerti gawene lan ngerti dadine lan ngerti manggone lan ngerti panggonane lan ngert lungane lan ngert baline, lan ngerti tekane lan ngerti asale maneh. Tegese asal Dzat yo bali marang dzat asal siji yo bali marang siji,mapan siji papan siji amung siji pisah siji dadi wujud tunggal urip, tunggal rupa tunggal aran, tunggal gawe, tunggal roso tunggal. Tegese tanpa pisah tanpa amung kajabo mung tunggal. Dadi ora mlaku ora mandeg ora obah ora meneng ya iku kang diarani imane wong ahli hakekat. Sifate 20 wis ono kono tanpo nganggo . (6)Enem iku ugo den arani Iman Tauhid lan den arani Iman Hakikat tegese, percoyo suwijine Allah dadi kabeh alam sak isine ora ono, tegese alam ora ono isine ora ono, jasad ora ono urip ora ono wujud ora ono, rupo ora ono,aran ora ono gawe ora ono, mung kari Allah bloko kang ono. Dadi ora ono loro kari siji yoiku kang den arani iman tauhid, Tegese iyo mangkono iku iman wong ahli tauhid lan wong ahli hakikat kang sejati. (7)Pitu iku den arani iman Ma’rifat yoiku ugo iman wong ahli hakikat dene iman Ma’rifat iku tegese mangerteni badan alus kang ono sak jerone badan wadak. Lan mangerteni bakale lan mangerteni gawene lan mangerteni dadine, lan mangerteni panggaweane lan mangertene wujude lan manerteni rupane lan mangerteni jenenge , lan mangerteni manggone, lan mangerteni kang dinggoni, lan mangerteni lakune, lan mangerteni kang dilakoni, lan mangerteni kang mlaku sak piturute, yoiku aran Ma’rifat. Percoyo koyo mangkono iku keno den arani iman Ma’rifat. Yen ngerti kabeh mangkono iku mau kanthi mbarengi hakikote banjur dadi iman ma’rifat lan iman hakikat lan keno diarani ahli hakikat lan ahli ma’rifat lan ugo diarani Iman Kamil. Dene iman kang nomer wolu(8) iku den arani Iman Hakekat uga neka diarani iman sejatine, sejatine iman utawa den arani Iman Ghaib. Tegese yaiku iman wong ahli Ghafirin. Dene iman ahli ghafirin iku imane para nabi lan imane para wali lan imane para mu’min haq. Wallahu a’lam. (9)Sanga iku den arani Iman Ghaib. Dene iman ghaib iku kudu percaya marang ghaib lan kudu ngerti ghaib, soale percaya iku kudu ngerti disik, jalaran ora bisa iman marang sejatine Allah yen durung ngerti menyang Allah. Sejatine kang diarani wal ladziina yu¢minuuna bil ghaibi yaiku wong-wong kang ngerti ghaib lan sing bisa yuqiimuunash shalaah, yen ora ngerti ghaib ora bisa iman ghaib, yen bisa iman ghaib banjur bisa diarani yuqiimuunash shalaah. Sak temene kang diarani ghaib iku Allah sing Akbar iku Alam. Yen wis iman Allah lan Akbar tegese wis kumpul Allah lan Akbar. Akbar banjur ghaib tegese akbar ilang kari Allah yaiku jenenge shalat, yaiku sing diarani yuqiimuunash shalaah, dadi yen durung iman ghaib durung yuqiimuunash shalaah, durung yuqiimuunash shalaah yen durung ngerti ghaib iki kaweruhana sing temenan. (10)Sepuluh iku den arani Iman Ghaibul Ghaib yaiku uga imane Arifin lan den arani iman samare-samar Hu aku Allah, ucape wujud Wujude Allah, alam telas dunia telas akherat telas. Kabeh telas mung kari Allah kang ana Allah kene Allah kono Allah iko Allah iki Allah sak piturute. (11)Sewelas iku den arani Iman Baqa’ yaiku langgenge iman tegese tetepe iman urip iman mati iman melek iman turu iman iman mlaku iman mandek iman obah iman meneng, iman tegese percaya lan eling ora pedot babar pisan. Yaiku mangkono iku kang den arani Iman Baqa’. Wallahu a’lam. (12)Rolas iku den arani Iman Baqa’ul Baqa’, iku uga imane Arifin yaiku wong sing ora tau metu songka Allah lan songka bumi Allah babar pisan. (13)Telulas iku den arani Iman Kamil, uga diarani iman wong Arifin yen di sawang khawaariqul ‘adah jare kiyai ora tau shalat. Yen shalat ana ngendi – ngendi ana, terkadang shalate petakilan, terkadang jaranan, terkadang ana bong – bongan bota, terkadang ’ambune bergenggek. Tapi yen pituju kaya mangkono iku ora kena den loake, yen den loake utawa den ina sing alak den bendone Gusti Allah. Mula aja sok ina wong sing deweke ora ngerti. (14)Patbelas iku den arani Iman Kamil Mukammil lan uga kena dene arani imane ahli ‘Arifin maneh iya iku terkadang kelakohane kaya wong gendeng, terkadang kaya wong kepalang, terkadang kaya kere, terkadang kaya wong belontah wis laku maksiat terus – terusan perlune kur yen aja ketoro apek babar pisan tur sejatine ngerti ahadiyat, wahdat, wahidiyat lan ngerti ngisyiq ngasyiq mangsyuq; lan keno den arani ngerti wijine nganti tukule nganti woh nganti dadi wiji maneh, lan ngerti kumpule ngerti pisahe ngerti kumpule maneh nganti dadi siji nganti wungkul maneh. Pokoke di arani Iman Kamil Mukamil iku dadi awit asal songka wungkul dadi wumgkul maneh, wis Hu aku Allah, lan Hu Dzat kena den arani dhohire neng koplek, sejatine neng Dzatullah dadi amur Allah iku gone ora neng masjid dunia kono. Kudu neng masjid samar iku neng tengahe oro-orotarwiyah, dadi iya neng alas iya neng kuto iya neng komplek yaiku luweh nyamari, tegese yen wong kang durung ahli ora biso ngerti sejatine wong iku .sing ngerti sejatine wong iku wong amor Allah lan wong seng amor nurullah belaka, iku uga klebu iman wong ahli Arif yaiku para nabi para wali para mukmin haq. Yen wong bisa iku suk ana imane Iman Kamil Mukammil nanging yen wong biasa maqame ora Baqa’. Telas katerangan perinciane iman. Bab. Kaping Limo: Nerangake Ahadiyah Tegese den arani Ahadiyat iku isine ora ana liyo-liyo kajobo mung Allah belaka. Dadi Ahadiyat iku kena diarani omahe Allah, lan kena diarani negorone Allah, lan kena diarani alame Allah. Nalika berahe alam ahadiyat iku kena den arani Lata’yun, tegese durung ana kang ngerteni marang suwijine Allah Ta’ala. Nalika semono iku kena diarani isih gung liwung lan lan kena diarani isih wang-wang wung-wung ora ana opo-opo babar pisan sing ana isih Allah belaka. Dalile mangkene Allaahu wahdahu laa syariikalahu: artine nalika ahadiyah iku ora ora ana opo-opo sing ana mung Allah Ta’ala dewe ora ana kang ngancani keduwe Allah babar pisan lan katerangan ana kitab Al Qur’an mangkene: Faqaala ta’aala; Qul huwallaahu ahad. Artine mangkene, Dawuhno Muhammad marang umat kabeh yen sejatine Allah iku malika isih ahadiyah sing wujud isih Allah Ta’ala dewe# tegese nalika ahadiyah iku langit bumi durung ana kena den arani jagat duirung ana, srengenge rembulan durung ana, kabeh alam uga durung ana, dunya durung ana, akherat durung ana, suwarga neraka uga durung ana, kabeh makhluk durung ana, sing ana mung Allah dewe, wujude wujud dzat durung ana sipate, Sipate isih sipat Jalal. Dadi isih wujud Tunggal urip, tunggal rasa tnggal, tegese wujud dewe tanpa ana kang maujudake jumeneng dewe tanpa ana kang jumenengake urip dewe tanpa ana kang nguripake awal tanpa ana kawitane akhir tanpa ana pungkasane siji ora sangka wilangan kidhik. Iya koyo mangkono iku kang den arani Wujud Muthlaq kelawan Ithlaq lan kena den arani Wujud Mahdli tegese sing wujud isih sakwecone Allah Ta’ala belaka, yaiku ora ana liyo-liyo maneh kajobo mung Allah dewe. Dene wujude Allah Ta’ala naliko iku wujud Khiya’ tegrse wujud padang gumilang ora koyo padange srengenge lan ora koyo padange rembulan lan ora koyo padange lintang lan ora koyo padange damar babar pisan, ora kang madani sekabehane kang wujud ono alam duniya iki, yaiku den arani wujud nur tegese wujude nurullah kang den arani Nur Jati tegese wujude sejatine Allah. Wallahu a’lam. Bab. Kaping NEM: Nerangake Alam Wahdat Dene wahdat iku wiwitane berahine Allah Ta’ala yaiku suwijine Allah Ta’ala arep karsa nyataake sifate Allah Ta’ala lan nyataake kuasane Allah Ta’ala lan nyataake kersane Allah Ta’ala maka banjur kersa nyataake wujude sifat Nurullah kang diarani sejatine nur Muhammad yaiku kang den arani Muhammadiyah lan kena den arani sejatine nur Muhammad lan kena den arani sejatine Muhammad. Dadi bener arane nyataake wujude sifat. Tapi sipat mau isih sinimpen ing dalem dzat tegese nur Muhammad isih sinimpen ingdalem nurullah lan den arani nur Muhammad isih sinimpen ingdalem lintang Johar lan kena den arani dhahir isih sinimpen ingdalem bathin, bathin sinimpen ingdalem ghaib. Dene wujude lintang Johar iku mau koyo kendel rupane mencorong gedene tanpa ana wangenane, ketingal gumantung tapi tanpa ana cantelane, ketingal murub tanpa ana sumdune lan tanpa lengo lan urube ora koyo urube dimar lan ora koyo urube listrik, padange ora ana kang madhani, mulo podo eling-elimgen yen sak jerone dhohir iku ana bathin, jerone bathin iku ghaib. Mulo iyo iku contone asale nurullah. Banjur nurullah nglaherake lintang Johar, lintang Johar nglaherake nur Muhammad nuqath ghaib roh idlofi. Nuli nur Muhammad nuqadh ghaib ruh idhofi nglaherake kabeh alam. Mulo keno den arani wijine kabeh alam iku lintang Johar. Lan kena den arani wijine alam iku nur Muhammad.mula ngertiyo naliko wektu Ladzi. Tegese kang den arani wektu Ladzi iku naliko waktune Allah Ta’ala arep kersa nglaherake nur Muhammad kanti sampurno tegese arep sampurnaakekeberahehane iyo iku kerso ngetoake cahyo murub olehe ngetoake songko lintang Johar kang arani sejatine nurullah iyo mau tumetese dadi ruh idlofi yaiku calon dadi wadak nur Muhammad. Nuli ngetoake cahyo putih utowo diarani nur putih,olehe ngetoake ugo sang ko nurullah kang den arani lintang Johar, iku mau tumetis dadi nuqadl ghaib kang calon dadi rasane nur Muhammad. Nuli ngetoake cahyo luhur utowo diarani nur luhur, olehe ngetoake ugo songko nurullah kang diarani lintang Johar iku mau tumetes wujud koyo koyo koco kang bening tur kang bersih tur kang mencorong tur padang tanpo ana kang mbandingi lan tanpo ana kang madani rupane agung tur luhur yaiku nur Muhammad arane. Latelu-telune nur telu iku mau banjur den dade’ake suwiji dening Allah Ta’ala. Dene carane olehe dade’ake mangkene, nur luhur kang den arani nur Muhammad iku mau den polas kelawan nur putihkang den arani nuqad ghaib iku mau, nuli den panjingake nur murub kang den arani ruh idhofi iku mau kanti sampurno nuli keno den arani wujude nur Muhammad iku wus sampurno. Nuli deb asmani dening Allah Ta’ala nurul hayati Muhammad, sakwusemangkono nuril hayati Muhammad iku den simpen dening Allah Ta’ala. La iku wektu keno den arani ta’ayun awal, tegese mulai ketingal keberahehane Allah Ta’ala. Dadi wektu semono iku keno den arani dzat wus nglaherake sipat tapi ngertiyo sak temene Allah nglaherake keberahehane kang keyo mangkono iku suwijine Allah Ta’ala dewe lan kersane Allah Ta’ala dewe, dalile dawuhe Allah katerangan ono kitab suci Al-Qur’an mangkene Faqaala ta’aala ; Innallaaha khalaqa kulla syai-in wahdahu. Artine suwijine Allah kersa dade’ake opo wae iku mung suwijine Allah dewe tegese mung kersane allah dewe lan kuwasane Allah dewe. Tammat. Bab. Kaping Pitu: Nerangake Alam Wahidiyat Dene alam wahidiyat iku den arani Ta’ayun tsani iya iku suwijine Allah Ta’ala mulai ngumpulake sifat Jalal lan sipat Jamal yaiku sifat Jalal kang den arani nurullah. Sifat Jamal den arani nur Muhammad. Nurullah den arani dzat sejati, Nur Muhammad den arani sifat sejati. Nurullah den arani lanang sejati, nur Muhammad den arani wadon sejati. Dene kaliko kumpul nurullah lan nur Muhammad iku antara lawase wis ana seket ewu tahun kasi ora kena den beda’ake tempuke nurullah lan nur Muhammad. Koyo dene kumpule lanang sejati marang wadon sejati. Tegese kang aran alam wahidiyat iku yen diserupa’ake wetenge wong. Alam Wahidiyat iku wetenge nur Muhammad, lan kena den arani wetenge wadon sejati. La waktu samono iku ngetengake kabeh alam.mulo den arani kumpule nurullah lan nur Muhammad, banjur ana patutane yaiku kabeh alam sak isine. Dadi kabeh alam sak isine iku kena den arani patutane nurullah lan nur muhammad, tegese kumpule nurullah lan nur Muhammad. Lan kena den arani wujude alam kabeh sak isine iku patutane careme Nurullah lan nur Muhammad. Dadi kena den arani ora ana alam kabeh sak isine yen ora ana wahidiyat, ora ana wahidiyat yen ora ana wahdat, ora ana wahdat yen ora ana ahadiyat. Lan ora ana af’al yen ora ana asma, ora ana asma yen ora ana sifat, ora ana sifat yen ora ana dzat. Mulo ngertiyo yen kabeh iku mau sak temene mung kagungane Allah. Mula ojo pisan-pisan ngaku duweni. Jalaran kabeh iku mung kagungane Dzat iyo iku Allah. Dadi kabeh akbar iku mung kagungane Allah, dadi yen wis eling lan wis ngerti banjur dumunung yen kabeh alam lan wahidiyat lan wahdat iku mung kagungane Ahadiyat, tegese kagungane Allah belaka. Yaiku kena den arani Sampurnane Syahadat lan Sampurnane Takbir lan sampurnane Shalat lan sampurnane Zakat lan sampurnane Poso lan sampurnane Hajji lan sampurnane Islam lan sampurnane Iman lan sampurnane Tauhid lan sampurnane Ma’rifat lan sampurnane Ilmu lan sampurnane Urip lan sampurnane Pati lan sampurnane Sampurna. Jalaran koyo mangkono iku kena den arani ngerti asale asal ngerti, gawene ngerti, dadine ngerti, anane ngerti, ilange ngerti, omahe ngerti manggone ngerti, kang digone ngerti, papane ngerti, mapane ngerti lan ngerti lungane lan mulehe ngerti, tekone ngerti, kang den tekone ngerti, pisahe ngerti, kumpule ngerti, pecahe ngerti, wutuhe ngerti, wungkule. Dene Allah dadekake kabeh kang dumadi iyo mung suwijine Allah dewe, dalile dawuhe Allah Ta’ala mangkene; Innaa khalaqnaa kun bil wahidiyati khalaqtuka liajlii wa khalaqtul asyyaa-a liajlika wallahu bikulli syai-in ‘aliimun. Artine mangkene: Sak temene ingsun dadekake ing siro kabeh iku mung suwijine ingsun dewe, lan ingsun dadekake ing siro Nur Muhammad iku karono arah perselane kagungan ingsun lan ingsun dade’ake ing sekabehane kang dumadi iku karono perselane kagungan iro nur Muhammad, lan sak temene kang nguasani kabeh kang dumadi iku mung Allah Ta’aladewe. Dene sakwuse sampurno dumadine nur Muhammad antoro seket ewu taun iku den simpen ono ing ndalem nurullah iku mau. Tumuli suwijine Allah Ta’ala banjur hadir ono arae nur Muhammad iku mau kanti dawuh mangkene; Alastu birobbikum artine “ Opo dudu Ingsun tho pengeran nur Muhammad” ing mriku nur Muhammad tumuli inggal-inggal matur marang suwijine Allah Ta’ala, aturane mangkene Qaluu balaa artine olehe matur nur Muhammad mangkene: O…inggih panjenengan Dalem meniko gusti pangeran adalem, tumuli nur Muhammad inggal-inggal sujud marang suwijine Allah Ta’ala. Olehe sujud rambah kaping limo suwene mangso seket ewu taun yaiku aweh isyarat yen kanjeng nabi Muhammad sak ummate iku calon den ferdloake ninda’ake shalat limang wektu ingdalem mongso sedino sewengi. Sak wuse mangkono tumuli suwijine Allah Ta’ala madepmarang arahe nur Muhammad kanti dawuh mangkene Kun Fayakuun artine sakabehane alam ing wektu semono iku sakkolo banjur ketingal wujude alam kabeh kanti jodo-jodo suroh ukure koyo wujude langit lan wujude bumi lan wujude ngrengenge lan wujude rembulan lan wujude suwargo lan neroko lan wujude opo wae kang wujud ono alam donya lan kang wujud ono alam akherat. Yaiku Ta’ayun Tsani arane, tegese wus keingal kagunge Allah Ta’ala kelawan diweruhi sekabehane alam yaiku kang den arani Alam Akbar lan den arani Alam Wahidiyat. Tegese kang den arani alam Wahidiyat iku suwijine Allah Ta’ala wis kersa andade’ake sekabehane alam lan wis kersa ngeratoni sekabehani alam. Dene sipate Allah Ta’ala sakwuse ono alam wahidiyat iku Qahar, tegese wis murba wasesa. Mula disebut sekabehane alam , jalaran iku kabeh siji sijine isi isene alam , dene kabeh iku kena den arani wadah utowo den arani omah utowo den arani negoro utowo den arani segoro: Siji den arani alam Ahadiyat, yaiku kena den arani Sirri lan kena den arani Bathin; tegese alame Allah naliko iseh ghaib iyo naliko semono iku alame Allah kena den arani iseh Dzat Sejati, tegese iseh wujud Muthlaq kelawan Ithlaq. Tegese kena den arani Allah durung lahir. Mulo den arani iseh sirri lan iseh bathin kerono wujude iseh Dzat Sejati durung ono Sifat lan durung ono Asma lan durung ono Af’al. Banjur alam Ahadiyat nglaherake alam Wahdat, olehe nglaherake Allah carane mangkene “ Alipe lafad Allah iku den arani sifat Qahar yaiku nyato dadi kolam sejati. Kolam sejati nyata’ake wujude Dzat Sejati. Dene Lam-e lafadl Allah kang awal iku den arani Sifat Jalal iku nyata dadi banyune, yaiku nyata’ake wujudeSifat Sejati. Dene Lam-e lafadl Allah kang akher iku den arani Sifat Jamal nyata dadi mangsine, yaiku nata’ake wujude Asma telu kang den arani aku wujud Tunggal. Dene Ha’-e lafadl Allah iku den arani sifat Kamal nyata dadi dawuh yaiku nyata’ake wujude Af’al. Sakwuse mangkono banjur nur Jati nglaherake sifat, banjur kena den arani Dzat nglaherake Sifat. Tapi anane dzat nglaherake sifat iku mung supoyo ketingal wijude Dzat. Dadi kena den arani lahire dzat iku sakwuse ono sifat. Dadi kena den arani anane nama bapak iku sakwuse ono anak. Dadi sejatine Ahadiyat iku nglahirake Wahdat, tapi ora ketingal wujude Ahadiyat sak durunge ono Wahdat. Ora ketingal wujude wahdat sak durunge ono Wahidiyat. Ora ketingal wujude Wahidiyat sak durunge ono alm arane. Nanging hakekote sifat, asma, af’al ora maneh kajobo uteke dzat lan wujude dzat lan rupane dzat lan arane dzat lan panggonane dzat. Mulo mangertiyo yen sejatine Allah iku Dzat Sejati utowo anane Dzat Sejati. La yen Muhammad iku Sifat Sejati, anane yaiku anane nyatane Dzat Muthlaq. La Adam iku anane Rasul Jati lan anane Asma Jati. Dene manuso iku anane Roh Idlofi yaiku anane Af’al Jati, dadi Allah iku dzat yaiku kena den arani Pengeran. Dene Muhammad iku sifat lan kena den arani Keratone Pengeran. Dene manuso iku Af’al, kena den arani Omahe Pengeran. Mulo banjur kena den arani Allah iku dzat, sifat, af’al. Dene Muhammah iku kena den arani wujud, ilmu, nur syuhud. Dene Adam iku kena den arani qolam, rasa, urip, budi. Dene manuso iku kena den wadi, madzi, mani, maningkem. Mulo den arani Allah dzat, sifat, af’al jalaran dzat iku tegese bisa nyata’ake wujude sifat Jalal, yaiku dzat sejati arane, dene kang den arani sifat Jalal iku lintang johar arane, utowo den arani Johar awal, utowo den arani nurullah, utowo den arani nur Jati. Banjur nurullah bisa nyata’ake wujude sifat Jamal yaiku nur Muhammad arane. Tegese bisa nyata’ake rupane dzat kelawan rupa kang pantes. Banjur sifat Jamal utowo nur Muhammad iku mau bisa nyata’ake Asma, tegese nyata’ake aran kang tanpo jumbuh. Dene Af’al iku tegese bisa nyata’ake gawe lan penggawehan kang tanpa kuciwo. Dene anane Muhammad olehe den arani wujud, ilmu, nur syuhud, iku tegese wujud iku bisa nyata’ake wujude Dzat Mutlaq. Yaiku wujude alam kabeh sak isine. Tegese ilmu iku nyata dadi wadahe dzat utowo den arani negarane Dzat utowo den arani keratone Dzat utowo den arani omahe Dzat. Tegese nur iku nyata dadi cahyane Dzat, tegese syuhud iku nyata dadi peningale Dzat, tegese nyata dadi kenyatahane Dzat. Dene Adam olehe den arani qolam, rasa, urip, budi iku tegese qolam iku nyata anane akal, tegese rasa iku nyata anane eling, tegese urip iku nyata anane ruh urip anguripi, tegese budi iku nyata anane pakerti picoro lan penggawe kang ketingal mata. Dene manuso olehe den arani wadi, madzi, mani, maningkem iku tegese wadi iku nyata dadi abange nitra, tegese madzi iu nyata dadi kuninge nitra, tegese mani iku nyata dadi puhihe netra, tegese maningkem iku nyata dadi irenge nitra. Banjur kaweruhono kang aran Sirri dhahir yaiku kena den arani Muhammadiyah, tegese selagi ghaib lan den arani sifat isih sinempen ingdalem Dzat lan kena den arani Sifat Sejati, sejatine sifat yaiku wahdat sinempen ingdalem Ahadiyat. Wallahu a’lam Bab. Kaping Wolu: Nerangake Anane Wahdat Utawi bab kang kaping wolu iku nerangake masalah anane wahdat nglaherake wahidiyat sampun sak isine yaiku anane kabeh alam sampe’ anane manuso kabeh. Yaiku anane Muhammad nglaherake kabeh alam den laherake songko alam Wahidiyat arane. Karono lafad Muhammad iku mime kang awal den arani mim Ma’rifat. Kerono mime lafad Muhammad kang awal iku biso nyata’ake pangabu grono. Dene ha’e lafad Muhammad iku den arani ha’ Haqeqat, kerono ha’e lafad Muhammad iku bisa nyata’ake anane paningal mata. Dene mime lafad Muhammad kang akhir iku den arani mime Thareqat, kerono mime lafad Muhammad kang akhir bisa nyata’ake anane pangrungu kuping. Dene dale lafad Muhammad iku bisa nyata’ake anane pangucap lisan. Mulo lafad Muhammad iku kena den arani bisa nglaherake jisim, jasad, badan wong, jalaran Muhammad iku bisa nglaherake geni, angin, banyu, bumi. Dene geni iku bisa nyata dadi kulit, daging, getih mulo nmyata panas. Dene bumi iku bisa dadi wulu, kuku, balung sungsum banjur bisa dadi toto tentrem. Dene angin iku bisa nyata dadi napas, nupus, roh, roso, banjur bisa dadi nyata obah osek. Dene banyu iku bisa nyata dadi paningal, panggondo, pangroso banjur dadi bisa nyata sampurno. Dene sampurnone kabeh iku mau lan kumpule kabeh iku mau banjur kena den arani jisim, jasad, badan wong. Tegese jisim iku nyata sirah lan yo rusak maneh, nyata bahu yo nyata rusak maneh, nyata anane gigir yo rusak maneh, nyata suku yo rusak maneh. Dene anane den arani jasad iku wujud balung yo nyata rusak, nyata wujud otot yo nyata rusak, nyata wujud daging yo nyata rusak, nyata wujud kulit yo nyata rusak maneh. Dene anane den arani wong iku anane ambu iku nyata ono irung. Dene anane werno iku nyata ono mata. Dene anane roso iku nyata ono kuping. Dene anane konotho iku nyata ono lisan. Dene kabeh iku mau wis bisa sampurno lan wis bisa sirno sekabehani sifat 20 . Sifat 20 wis ono kono banjur kena den arani dzikir syare’at lan dzikir hakekot lan dzikir ma’rifat. Dene kang aran dzikir syare’at iku eling isine kalimat “Asyhadu al laa ilaaha illallaahu wa asyhadu anna muhammadar rasuulullaahi ” yaiku tegese eleng lan ngreti yen sa’temene ora ono pengeran sejati kajobo mung Allah, lan eleng lan ngerti yen sa’temene kanjeng nabi Muhammad iku petugase Allah. Dene kang aran dzikir Thoreqat iku eleng lan ngerti isine kalimat “ laa ya’budu illallaahu ” tegese eleng lan ngerti ora ono kang wajib den tha’ati dhahir sampek bathin kajobo mung Allah. Dene kang arani dzikir hakekot iku eleng lan ngerti isine kalimat “ laa maujuuda illallaahu ” tegese eleng lan ngerti yen sa’temene ora ono kang ngerti kajobo Allah. Dene kang aran dzikir Ma’rifat iku eleng lan ngerti isine kalimat “ Laa ya’rifu illallaahu ” tegese eleng lan ngerti yen sa’temene ora ono kang ngerti kajobo mung Allah. Mulo ngertiyo sa’temene yen siro arep dzikir patang perkoro iku kudu ngerti asal mulane, tegese ngerti bakale lan ngerti gawene lan ngerti omahe lan ngerti manggone lan ngerti papane lan ngerti mapane lan ngerti lungane lan ngerti mulehe lan ngerti tekane pisahe lan ngerti kumpule lan ngerti pecahe lan ngerti wungkule yen wis mangkono banjur keno den arani wis sampurno, yen wis sampurno banjur keno den arani Dzikir Bathin. Dene dzikir bathin iku kudu nganggo prabot 5 yaiku: 1. Lisan, 2. Ati, 3. Roh, 4. Roso, 5. Barzah. Dene carane praktek iku lisane kudu ngucapake Laa ilaaha illallah banjur atine kudu eleng yen ora ono kang wajib den thaati kajobo Allah. Banjur rohe kudu angen-angen lan eleng yen sa’temene ora ono wujud sejati kajobo Allah. Lan sejatine Urip iku uripe Allah, banjur rosone iku eleng lan ngerti sa’temene roso iku rasane Allah, banjur rosone roso iku kudu eleng Ahadiyat, Wahdat, Wahidiyat. Yen wis tutuk banjur kena den arani Syahadat Sampurno lan Takbir Sampurno lan Shalat Sampurno lan Urip sampurno lan mati sampurno lan Islam sampurno lan Iman sampurno lan Tauhid sampurno lan Ma’rifat sampurno lan Badan sampurno tanpo ucap tanpo polah tanpo among makhluk kari Allah. Yaiku kang den arani yo nabi yo wali yo mukmin yen obah nabi yen meneng wali yen ngucap mukmin arane. Wallaahu a’lam. Bab.Kaping Songo: Nerangake Ing Dununge ٍSekabehane Hurupe lafad الْبِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ Dene Alife lafadl Albismillah iku kena den arani Alif Dzatul wahid lan kena den arani Alif Ahadiyat iku tanda anane dzat sejati lan kena arani Allah isih ghaib lan yaiku anane Allah naliko durung beragi yaiku Allah isih wujud Mahdli. Banjur Lame lafadl albismillah iku den arani Lam Thalabiyat, yaiku tanda Allah arep berahi egese tanda yen Allah arep nyata’ake wujude Dzatullah yaiku katon gumebyar padang tanpo wangenan, tanpo wekasan kang den arani nurudz dzati, tegese nure Allah kang jejuluk lintang Johar kang bisa nglaherake nurush shifat kang bisa nyata’ake wujude sifat, iyo wektu semono iku kena den arani sifat isine sinimpen ingdalem Dzat. Lan kena den arani sifat isih ghaib lan kena den arani sipat durung ono. Sing ono isih dzat sejati lan sifat sejati sejatine sifat. Mulo Alip iku kena den arani Alip Dzatul Wahida,lan kena den arani Alip Ahadiyat lan kena den arani Alip Iman, lan kena den arani Alip Thalabiyat. lan kena den arani Lam Thalabiyat lan kena den arani Lam Islamiyat. Banjur Ba’e lafad albismillah iku den arani Kawitan. Tegese Ba’e lafad albismillah iku kang bisa nglaherake nyatane Dzatullah lan dadi kawitane nyatane Sifatullah iyo iku Nurudz Dzati tegese Nurullah. Nurullah banjur nglaherake Wahdat. Dene wahdat iku ketingal koyo wadah, ugo gedene tanpo wekasan banjur wahdat nglaherake nur murup utowo wahdat iku nyata’ake wujude nur murup tumetes dadi roh Idlofi pinungko dadi wadahe nur Muhammad. Nuli nyata’ake cahyo luhur metune ugo songko wadah kang diarani Alam Wahdat, iku mau tumetes dadi nur Muhammad, yaiku wujude koyo koco kang bening tur kang bersih mencorang kang padang rupane agung luhur tanpo ono kang bandingi kang den arani cahyo luhur kang dadi wijine sekabehane alam. Sakwuse mangkono banjur suwijine Allah Ta’ala kerso nyampurnaake keberahehane kanti nganggo coro yaiku ngumpulake nur Muhammad, nuqad ghaib, roh idlofi. Dene olehe carane ngumpulake iku nur Muhammad kanolas kelawan nuqad ghaib. Banjur kapanjengake marang roh idlofi kelawan sampurno lan yaiku kang den arani Teluning Tunggal. Banjur kena den arani wus sampurno wujude nur Muhammad. Banjur nur Muhammad iku mau dinamani Nurul Hayat Muhammad tegese wujud padang tur urip tur dialam banjur ketingal nyata sifate Allah kanti sampurno yaiku kang den arani Ta’ayun Awal. Sakwuse mangkono banjur Nurul Hayat Muhammad yaiku den simpen dening Allah den sinempen ingdalem Nurullah. Dadi kasimpene nurul hayat Muhammad imgdalem nurullah iku mau soroh ukure koyo kasempene kemanten putri ono ing dalem kamar kakumpulake karo kemanten kakung. Dene kemanten kakung iku den arani Nurullah kang den ibaratake lanang sejati utawa den arani lanang sejati. Dene kemanten putri iku diarani Nurul Hayat Muhammad kang den ibaratake wadon sejai utawa diarani wadon sejati. Dene kumpule Nurullah lan Nur Muhammad iku mau kasi ora kena den beda’ake wujude lan ora kena den bedaake rupane ingga lawase kasi teka mongsa seket ewu tahun sak wuse ganep mongsa seket ewu tahun karepe Nurullah lan Nur Muhammad iku mau banjur Nur Muhammad ketingal ngandut yaiku ngandutake sekabehane alam. Tumuli suwijine Allah Ta’ala ngadep marang nur Muhammad kanti ndangu nur Muhammad, pandangune mangkene: Alastu birobbikum artine Opo dudu ingsun tho nur Muhammad pengeran. Nuli nur Muhammad inggal-inggal matur suwijine Allah Ta’ala aturane mangkene Qaluu balaa, artine olehe matur wo inggih jeandiko meniko gusti Pangeran dalem. Mulo ono tembung jowo kumpule lanang sejati marang wadon sejati, iku den tembungake rabi yaiku asal miturut naliko kumpule Nurullah lan nur Muhammad. Banjur ono pandangu alastu birobbikum iku mau. Sakwuse mangkono banjur nur Muhammad sujud marang suwijine Allah Ta’ala tanda bekti marang suwijine Allah Ta’ala , lawase ugo mangso seket ewu tahun.Olehe sujud rambah kaping limo dadi saben-saben sak sujudan lawase mangso sepuluh ewu tahun. Yaiku kerono syukur ni’mat anane kumpule lanang sejati marang wadon sejati kang den arani Nurullah lan nur Muhammad. Mulo kanjeng nabi Muhammad SAW sak ummate iu mau den ferdlo’ake ninda’ake shalat limang waktu ing dalem sedino sewengi kerono shalat iku dadi tanda bekti syukur ni’mat anane kumpule lanang sejati marang wadon sejati. Tegese iyo iku kumpule urip lan raga, dene urip iku den arani lanang sejati. Laa rago iku den arani wadon sejati. Mulo shalat iku kudu eleng urip lan rago iku mung kagungane Allah. Yen ora eleng koyo mangkono iku dudu shalat. Dadi kang jeneng shalat iku ora keno wujud loro, kudu wujud tunggal urip tunggalmung kariAllah Ta’ala dewe, iyo koyo mangkono iku isi isine Ba’e lafad albismillah. Tammat Banjur iki nerangake isine Sine lafad Albismillah. Dene huruf Sine lafad albismillah iku Ilmu Telu lan Asma Telu. Den kang den arani Ilmu Telu iku pengertian mangerteni Ahadiyat, wahdat, wahidiyat. Dene kang den arani AsmaTelu iku Allah, Rahman, Rahim utawa den arani Allah, Muhammad, Adam utawa den arani Allah, Urip, Jasad. Tegese ahadiyat nglaherake wahdat, wahdat nglaherake wahidiyat.tegese ahadiyat iku lata’yun, tegese wahdat iku ta’yun awal, tegese wahidiyat iku ta’yun tsani. Mula sak wuse sampurna wujude nur Muhammad lan sakwuse den dangu lan sakwuse nur Muhammad sembahsungkem tanda bekti marng suwijine Allah Ta’ala. Banjur suwijine Allah Ta’ala dawuh kun fayakun. Banjur sak kolo alam wahdat nglaherake patutone iyo iku wujud wadah kang den arani alam wahidiyat. Banjur suwijine Allah Ta’ala dawuh mangkene Faqaalallaahu Ta’alaa Khalaqtaka liajlii wa khalaqtul asyyaa-a liajlika wallaahu bikulli syai-un qadiirun. Banjur sak kolo wahidiyat nglaherake kabeh alam sak isine, banjur ketingal kaluhurane Allah Ta’ala kanti den weruhi kabeh alam iyo iku kang den arani Ta’ayun Tsani. Dene kang arani nglaherake alam Wahidiyat iku ana pirang-pirang alam. Dene katerangane ana bab kang keri. Wallaahu a’lam. Bab. Kaping Sepuluh: Nerangake Pangerane kabeh Alam kang Den Laherake Alam Wahidiyat Utawi bab kang kaping sepuluh iku nerangake pangerane kabeh alam kang laherake alam Wahidiyat. Dene alam kang den laherake alam Wahidiyat iku: 1) Alam Arwah Dene kang den arani alam arwah iku tegese wadah. Dene isine alam arwah iku sekabehane roh kang dadi rohe barang-barang kang urip kanti bernyawa. Dene sekabehane roh nalika isih den wadahi alam arwahiku isih tunggal rupane lan tunggal wujude. Dene wujude mung kaya banyu kentel dene rupane putih wis mung ngono iku kabeh nyawa. Dadi ora ana bedane rohe para Malaikat lan rohe para Nabi lan rohe para ‘Ulama’ lan rohe bajingan lan rohe asu lan rohe ketek lan rohe celeng lan rohe apa wahe. Mula ojo pisan-pisan siro kabeh rumongsa luwih bagus lan luwih lulur lan luwih sampurno, jalaran roh iku nalika isih den wadahi ana alam arwahe isih tunggal wujude lan tunggal rupane ora ana bedane babar pisan, lan kabeh iku mung kagungane Allah. Lamun kasi rumangsa luwih luhur lan luwih bagus lan luwih sampurna iku kliru banget. 2) Alam Mitsal Dene alam Mitsal iku ugo kena den arani Wadah. Dene isine alam Mitsal iku sekabehane roh kang wus den pisah lan den beda’ake wujude lan den beda’ake rupane. Dene rupane sakabehane roh iku mau sak wuse ana alam Mitsal ana kang putih lan ana kang abang lan ana kang kuning lan ana kang ijo lan ana kang biru lan ana kang ireng lan ana kang dadu. Lan waktu sewmono iku wus den arani pisan karo kang anduweni tegese kang kanggonan roh iku mau lan wus den pesti pisan masalah kederajatane lan sugih miskin lan bejo cilokone lan pati urip. Mula arane nalika semono iku wus nreima pandum nalika semono iku kana den arani nompo Qadrat Tanjizi tegese Pesten kang ora kena den brobah, labok keana apa olehe akal wis ora bisa brobah babar pisan. Mula kena den arani Husnus saabiqah, Husnul khaatimah, Su-us saabiqah, Su-ul khatimah. 3) Alam Ajsam Dene kang den arani alam Ajsam iku ugo wadah, yaiku wadah kang wus kanggo madahi roh iku Jisim arane, lan roh kang wus den wadahi jisim, jisim opo wae buh jisim alus buh jisim kasar surah ukure koyo jin malaikat lan jisim jin lan jisim syetan lan sak penunggalane lan jisim masuso lan jisim rumangkang lan sakpanunggalane.Wallahu a´lam. 4) Alam Insan Kamil Dene kang den arani Alam Insan Kamil iku ugo wadah, yaiku kanggo madai sing wujud rupa manuso kang sampurno tegese manuso sing wis wujud sampurno. Tegese jasat lan gaotone wis komplit roh lan akale wis komplit dene kang arane Kamilul Insan iku menungsa kang wis sampurna sekabehane dhahir batin amal lan ilmune, pati lan urip. Tegese yaiku manungsa kang ngerti asale lan ngerti gawene lan ngerti dadine lan ngerti uripe lan ngerti patine sak piturute yaiku kang den arani Insan Kamil utawa den arani Kamilul Insan. 5) Alam Donyo Dene kang den arani Alam Donyo iku ugo keno den arani wadah, tegese yaiku wadah kang isine iku mau werno-werno, tapi werno-werno iku ora ana kang luwih nyenengake mungguhe Allah. Yaiku isine mung sarwo kuciwo adon-adon kang sarwo konco yen sugih iyo mung sugih sengsoro yo sugih susah sugih kangelan sugih cobo sak piturute. Mulo sak temene manggon ana alam donyo iku mungguhe wong ahli Allah ora ngrasake krasan jalaran saking rupake donyo koyo-koyo upama kon milih manggon ana Alamul Ulwi tapi rehne ora kena mileh kapekso dhohir ana alam donyo, batin ana alam kabra iyo iku Allah. Dadi yen ahli Allah iku dhohir amor wong. Batin amor Allah dadi banjur ana longgare. Dadi wong ahli Allah iku lamun amor mahluk rumongso ora betah. Dene wong ahli akherat iku ugo ora betah manggon ana alam, jalaran deweke rumongso ora nikmat koyo-koyo gandrung banget marang akherat, margo akherat iku ana panggonan nikmat, yaiku suwargo. Dene ahli donyo utowo wong ahli donyo iku wedi mati lan wedi akherat adoh banget elinge marang Allah jalaran saking gandrunge perkoro donyo kasi lali marang Allah lan lali akhirat. Dene alam donyo iku kapirang dadi papat, yaiku: i) Den arani alam donyone jin. ii) Den arani alam donyane syetan. iii) Alam donyone manuso. iv) Alam donyone malaikat. 6) Alam Barzah. Dene kang den arani Alam Barzah iku ugo wadah kang isine mung begal kang sarwo medeni kanti gowo alat lengkap, dadi yuen arep ngambah alam barzah iku ugo kudu gowo senjoto telu, yaiku: 1. Den arani Iman Tauhid 2. Den arani Iman Baqa’ 3. Den arani Iman Kamil Mukamil. Dene kasi ora gawe senjoto Telu iku mau siro mesti kalah karo begale. Laa bok sangu amal ngebaki jagat mawon kabeh mergo dalane kang den toni iku kleru sing jurusan menyang kuto Khufratun min khufratin naari kancane ning kono amor makhluk, mulo senjoto telu iku mau awit sak golekono sing kasi ketemu ben biso amor Allah ngambah alam barzah amor Allah dalane banjur oleh dalan sing jurusan menyang kuto Radlatun min raadlatil jannah. Ana kuto kono omah amor Allah. Tegese alam barzah iku luweh rupek, luwih peteng, luweh gawat, jalaran barzah iku ilang utowo cepet. Dadi ngambah alam Barzah iku ora usah sangu donyo, ora usah sangu akherat, yen sang donyo ora kanggo, yen sangu akherat ugo ora kanggo, sangu amal ugo ora kanggo, tuwas ngebot-ngeboti. Yaiku pawelingku ojo pisan-pisan sak iki kasi ora ngambah alam barzah. 7) Alam Kubur Dene kang den arani Alam Kubur iku manggone ana Alam Antoro yaiku dudu donya dudu akherat yaiku wadah.Dene isine wadah kang den arani Alam Kubur iku ana 2 ; − Sing siji den arani rawdlatun min rawdlatil jannah. − Sing siji iku den arani hafratun min hufratin naar. Dene loro-lorone iku mau ugo wadah. Dene wadah kang den arani rawdlatun min rawdlatil jannah iku isine Uripe wong mukmin lan cuwilane kanikmatan suwargo pinongko kangge kemaremane wong mukmin. Dene wadah kang den arani hafratun min hufratin naar iku isine uripe jin, syetan, manuso kang podo kafir yaiku uripe wong sing wutho, wong sing tuli, tegese wong sing wutho iku wong kang ora weruh Allah lan sing ora weruh bakale lan ora weruh gawene lan ora weruh dadane lan ora weruh panggonane lan ora weruh manggone lan ora weruh kang den nggoni lan ora weruh uripe lan ora weruh kang den uripi lan ora weruh lungane lan ora weruh tekane lan sak piturute, Yaiku kang arani wong wutho. Uripe banjur sasar pada karo wong sing kabegal ana Alam Barzah, uripe pada ana hafratun min hufratin naar. Among karo uripe syetan lan uripe jin, mulo awit sak iki rehne awake iku mati kudu ndang den kubur ana kubur Jati. Yen ora ndang den kubur selak ngambon-ngamboni. Kerono ambune awak mati iku luwih bacin. Dene yen wis den kubur sampurno iku banjur ora ambon-ambonen. 8) Alam Akherat Dene kang den arani Alan Akherat iku wis ora ana alam maneh, yaiku alam kang kari dewe lan kena diarani Alam Pungkasan lan kena den arani Alam Kelanggengan, wis ora ana perubahan maneh, iyo alam akherat iku kena den arani Wadah, dene isine wadah kang den arani alam akherat iku negara Loro, yaiku ; Ø Kang siji den arani Suarga, Ø Kang siji den arani Neraka. Dene negara kang den arani Suarga iku negarane wong-wong sing ahli dasar taqwa, yaiku wong-wong sing Yuk minuuna bil ghaibi wa yuqiimuunash Shalaata tegese wong-wong sing ngerti yang ghaib lan percoyo yang ghaib tegese iyo ngerti asale lan ngerti gawene, lan ngerti dadine, lan ngerti wungkule, lan ngerti pecahe, lan nganti wungkule maneh, yaiku jenenge bongso malaikat lan para nabi lan para wali lan para mukmin haq lan suarga iku pirang-pirang omah. Dene omah-omah iku kang manggon wis pada gowo nomer dewe-dewe, tegese wis pada gowo keplek dewe-dewe, dadi mung kari nyocokake keplekake dewe-dewe, ora ana kang rebutan gon lan ora ana kang meri. Dene negara kang den arani Neraka iku negarane bongso syaitan lan negarane bongso jin lan negarane wong-wong sing podo kapir, negarane wong sing podo wuto ora biso weruh asale, oara weruh gawene, ora weruh dadine, ora weruh dadine, ora weruh wunggule, ora weruh pejahe, ora weruh wutuhe maneh. Mulane wong Islam ahli Iman ferdlu banget usaha pangertiyan miturut dawuhe kanjeng nabi Muhammad SAW mangkene: “ Thalabul ilmi fariidlatun ‘alaa kulli muslimin wa muslimat ” Sak temene yen kasi ora ngerti banjur sasar. Yen wis ana alam akherat banjur manggon ana omah negara Neraka, yaiku amor karo uripe syetan lan uripe jin lan kabeh wong sing podo wuto margo dosone. Telas pirangane alam kang den laherake Alam Wahidiyat. Bab. Kaping Sewelas: Nerangake Ilmu Hakekat Dene kang den arani Ilmu Hakekat iku mangerteni badan alus kang manggon utowo kang lungguh ana sak jerone rogo. Miturut dawuhe Allah katerangan ana kitab suci Al Qur’anul Karim mangkene “Wa ‘allama Aadamal Ismaa-a kullahaa ilakh”. Artine mangkene; Suwijine Allah Ta’ala wus ngertekake marang nabi Adam, yaiku masalah ilmu ma’ripat lan ilmu Hakekat. Tegese yaiku den retekake jeneng-jeneng badan alus kang ana sak jerone badan wadak, tegese yaiku badan alus kang ana sak jerone jasad lan gaoto den retekake asal mulane lan gawene lan dadine lan penggawehane iki rupane badan alus kang manggon ana sak jerone badan wadak, yoiku ; 1. Nafsu Aluwamah Dene nafsu Aluwamah iku anduweni angin Nafas, arane rupane iring. Dadi ngumpule nafsu aluwamah lan angin nafas iku dadi wujud tunggal rupo, tunggal rasa, tunggal wujude koyo manuso kang luwih gagah, gede duwur, godek, brewok, rupane abang ireng manggone ana waduk, yen ngucap gorekake jagat, rasane ajak menyang penggawe olo, tunggangane macan, pelawangane ana Cangkem, Pujine Laa ilaaha illallaah yaiku dadi gurune sekabehane brojo, penggawehane mulang sekabehane gaoto Dene asal mulane nafsu aluwamah iku songgko woh khuldi. Dene asal mulane nafas iku songko Nurullah. Dene dumadine aluwamah iku sakwuse den dahar ibu Hawa lan nabi Adam as. Dene tekane nafas lan nafsu Aluwamah kangge nabi Adam as iku nalika umur satus ewu taun. Dene kangge ibu Hawa iku sakwuse umur seket ewu taun. Dene kangge turun Adam as iku sakwuse ana wetengan patang sasi yaiku aran syetan haqiqi lan yaiku ora pisah babar pisan karo badan wadak selawase, awan bengi, pisahe yen wis teko janjine. Yen ambah alam barzah naliko kari perpisahan antorone nafsu aluwamah lan nafas iku peristiwa geden-gedenan. Mulo awit nom ngasi tuo ngasi tekan janji kudu terus ngambah alam barzah supoyo nafsu aluwamah lan nafas alate peristiwa waktu iku bisa leleh lan larut sampek tekan baline bebarengan menyang jasad jati. Wallaahu a’lam. 2. Nafsu Amaroh Dene nafsu Amaroh iku anduweni angin Tanafas, yaiku abang rupane. Dene nafsu Amaroh iku kuning rupane, banjur loro-lorone iku kumpul dadi suwiji lan iku wujud tunggal rupo, tunggal raso, tunggal wujude koyo manuso rupane bagus gedene mejono, kulitane abang semu kuning, tanduke alus tur sumeh. Den kelakuane olo gelem, apek gelem, terkadang ngetotake nafsu Aluwamah lan terkadang ngetotake nafsu sofiyah lan loro-lorone iku ugo tunggal panggonane Panggonane ana Ati, pelawangane ana Irung, tunggangane buto, yaiku dadi kekesihane sekabehane brojo lan keteguhane. Dene asal mulane nafsu Amaroh iku songko woh khuldi. Dene asal muasale Tanapas iku sangko Nurullah. Dene dumadine iku kangge nabi Adam as lan ibu Hawa lan tur wus adam iku pada karo nafsu aluwamah lan napas yaiku aran pangemban sirri lan yaiku ora pisah babar pisan, rino wengi selawase tansah jogo marang badan wadak, keslametane kabeh selagi durung teko janji lan pisahe kanti aman lan tresnan-tresnanan hinggo bali biso ketemu maneh kumpul ana jasad jati. 3. Nafsu Sofiyah Dene nafsu Sofiyah iku anduweni angin Anfas, biru rupane. Laa dene nafsu Sofiyah iku putih rupane. Dene kumpule nafsu Sofiyah lan angin anfas iku rupane kena den arane putih semu biru utowo den arane biru laure lan loro-lorone iku tunggal wujude lan tunggal rupane lan tunggal panggonane. Dene panggonane iku ana Otot, pelawangane ana Mata, gawene dulu olo lan becik yaiku kang dadi pengerane sekabeane brojo. Dene asal mulane nasfu Sofiyah iku ugo songko woh khuldi. Dene dadine iku barang karo nafsu aluwamah. Dene asal mulane nafsu ugo Nurullah. Dene dadine iku ugo bareng karo nafas. Dene tekone lan lungone lan baline pisan marang jasad jati iku ugo bareng karo nafsu Aluamah lan nafas. 4. Nafsu Muthmainnah Dene nafsu Muthmainah lan Nufus iku ugo tunggal wujude lan tunggal rupane lan tunggal gawene yaiku dadi keteguhane lan trengginas ngadep marang Allah. Dene manggone iku ana utek, pelawangane ana Irung, tunggangane gajah putih. Dene asal mulane nafsu Muthmainnah iku ugo songko woh khuldi. Dene dadine iku ugo bareng karo nafsu Aluwamah. Dene Nufus iku ugo songko Nurullah. Dene dadine iku bareng karo nafas. Dene tekone lan lungone iku ugo bareng lan baline menyang Jasad Jati iku kabeh ugo bareng. 5. Roh Jasmani Dene roh jasmani iku dadi rohe sekabehane awak yaiku sejatine Sukma arane. Dene gawene iku purbo nafsu aluwamah. Dene rupane lan lungguhe tegese manggone lan pujine lan tunggangane iku tunggal karo nafsu aluwamah. Dene asal mulane lan dadine lan tekone lan lungane lan baline lan pisah kumpule iku tunggal karo nafas. 6. Roh Robbani Dene roh robbani iku songko kang wasesa nafsu Amarah. Dene rupane lan lungguhe lan pujine lan tunggangane iku tunggal karo nafsu amarah. Dene asal mulane lan dadine lan tekone lan lungane lan baline lan mulehe lan pisahe lan kumpule iku ugo tunggal bareng karo Nafas lan Tanafas. 7. Roh Rohmani Dene roh rohmani iku songko Langgeng arane, dene gawene iku ngambani nafsu Sofiyah. Dene rupane lan lungguhe lan pujine lan tunggangane iku tunggal karo nafsu Sofiyah. Dene asal mulane lan dadine lan tekone lan lungane lan baline iku ugo tunggal karo nafsu aluwamah. Dene nafsu Rohmani asal mulane lan dadine lan tekone lan lungone lan baline iku tunggal karo nafas. 8. Roh Idlofi Dene roh Idlofi iku songko Luhur arane, dene gawene iku melayani marang nafsu Muthmainnah. Dene rupone lan lungguhe lan pujine lan tunggangane iku tunggal karo nafsu Muthmainna. Dene asal mulane roh Idlofi lan dadine lan tekone lan lungone lan baline lan mulehe lan pisahe lan kumpule iku pada karo nafas. Dene asal mulane nasfu muthmainnah lan dadine lan tekone lan lungane lan baline lan pisahe lan kumpule iku tunggal lan bareng karo nafsu Aluwamah. Dene kabeh nafsu patang perkara iku kang beda mung lungguhe, tegese manggone lan penggawehane. Dene roh kudus iku sejatine Urip, yaiku roh suci kang diarani Ruhullah, tegese rohe Allah kang den juluki Ratu Ning Urip utowo dijuluki Ratune Roh utowo den juluki Sukmo Sejati Sejatine Sukmo lan yaiku kang nguasani sekabehane roh lan jasad. Mula pada siro kaweruhana yen kaya mangkono iku kang den arani Ilmu Ma’rifat lan Ilmu Hakekat, jalaran yen ora mangerti kaya mangkono iku banjur ora weruh marang dununge urip lan dununge pati lan ora mangerteni dununge Gusti lan dununge ngawulo. Sejatine ngono sing urip iku Gusti, laa sing mati iku kawulo. Mulo mangertiyo saktemene Allah, Muhammad, Adam iku tunggal.tegese suroh ukure olehe tunggal koyo ler upamane iwak telu ndase siji. Jalaran Allah iku dzat tegese Ahadiyat tegese yaiku isih wujud tunggal urip tunggal rasa tunggal lan kena den arani Dzat Sejati Sejatine Dzat. Dene Muhammad iku sifat tegese Wahdat tegese yaiku dadi rupane Dzat. Dadi wujude tunggal karo dzat, rupane tunggal karo dzat. Dadi Allah lan Muhammad iku tunggal wujud tunggal rupa. Kerono rupane Muhammad iku sejatine rupane Allah, wujude Muhammad ya wujude Allah. Dene Adam iku asma yaiku Wahidiyat. mulo arane Telu ning Tunggal yaiku dadi Asmane Dzat tegese dadi arane Allah. Dadi Adam iku dadi Asmane Allah wujude Adam wujude Allah rupane Adam rupane Allah jenenge Adam jenenge Allah. Dadi kena den arani Adam, Muhammad, Allah, iku tunggal wujud tunggal rupa tunggal Jeneng. Rehne iwak telu ndase mung siji, mulo awak sak buntute iku sejatine mung oteke ndas. Dadi Allah iku duweni Allah Muhammad duweni Allah adam duweni Allah kabeh alam iku gawene Allah. Dadi wujude alam iku iyo wujude Allah rupane alam iyo rupane Allah, jalaran alam iyo jenenge Allah gawene alam iyo gawene Allah. Dadi kena den arani dhahire pirang-pirang tapi sejatine iku mung siji mung tunggal. Dadi awal akhir dhahir batin iku mung siji mung Allah beloko. Mulo dawuhe Allah mangkene: Allaahu huwal awwalu wal akhiru wa huwa bikulli syai-an qadiirun. Mulo kena den arani iko Allah iki Allah iku Allah kono Allah kene Allah kono Allah jalaran ndase iku mung siji. Bab. Kaping Rolas: Nyarita’ake Sakwuse Suwijine Allah Ta’ala Ngretekake ILmu Ma’rifat lan ILmu Hakekat Marang Nabi Adam Utawi bab kang kaping rolas iku nyeritakake sakwuse suwijine Allah Ta’ala ngretekake Ilmu Ma’rifat lan Ilmu Hakekat marang nabi Adam. Dene sakwuse Allah Ta’ala ngretekake ilmu Ma’rifat lan ilmu Hakekat marang nabi Adam. temuli suwijine Allah Ta’ala banjur kerso ngumpulake sekabehane para malaikat. Temuli nabi Adam den adepake para malaikat. Temuli suwijine Allah Ta;ala dawuh marang malaikat dawuh mangkene : Hai para malaikat sak iki sira kabeh pada ngretiyo iki lo kang Sun dadekake khalifah, tegese kang Sun dadekake ratu ana ing bumi kang Sun namani nabi Adam kang Sun dadekake luhur-luhure titah. Cabo sak iki nerangno ilmu ma’rifat lan nerangno ilmu hakekat marang nabi Adam, iki yen siro iku bener temenan. Sakwuse mangkono temuli sekabehane para malaikat iku mau pada ngaturake kalepatan marang suwijine Allah Ta’ala serono kanti depe-depe, ature mangkene: Duh Gusti kula ngaturake kalepatan soho kawula sampun bersihake diri kula dumateng ngarsa Panjenengan dalem bileh sak estunipun kula meniko panci boten mangertos menapa-menapa kejawi ingkang sampun panjenengan retosake tuwin boten wonten maleh ingkang ngretos soho wicaksana kejawi Panjenengan Dalem. Sakwuse mangkono temuli suwijine Allah Ta’ala inggal-inggal dawuh marang nabi Adam, dawuhe mangkene: Hai kekasihe Ingsun nabi Adam, saktemene mulo sira Sun adepake marang para malaikat perlu supaya sira dadi geganti Ingsun yaiku nerangake kang aran ilmu Ma’rifat lan ilmu Hakekat marang kabeh para malaikat iu mau”. Sakwuse mangkono temuli panjenengan nabi Adam matur kasinggihan temuli panjenengane nabi Adam enggal-enggal nerangake ilmu Ma’rifat lan ilmu Hakekat marang sekabehane para malaikatiku mau kanti jelas. Sakwuse mangkono temuli suwijine Allah Ta’ala dawuh marang sekabehane malaikat iku mau dawuhe mangkene: “ Hai para malaikat mulo sira pada mangertiyo saktemene Ingsun iku ngerti marang sekabehane ghaib-ghaib kang ana alam langit lan ghaib-ghaib kang ana bumi lan Ingsun ngerti ugo marang barang-barang kang sira edengake lan barang-barang kang sira umpetake”, dalile dawuhe Allah katerangan ana kitab suci Al-Qur’an Wa ‘allama aadamal asmaa-a kullahaa tsumma ‘ara dlahum ‘alal malaa-ilati faqaala anbi-uunii biasmaa-a haa-ulaa-i in kuntum shaadiqiin ۪ Qaalu subhaanaka laa ‘ilma lanaa illaa maa ‘alamtanaa innaka antal ‘aliimul hakiim ۪ Qaala yaa aadamu anbikhum bi asmaa-ihim falammaa anba-ahum bi asmaa-ihim qaala alam aqul lakum innii a’lamu ghaibas samaawati wal ardli L wa a’lamumaa tubduuna wa maa kuntum taktumuuna. Sakwuse mangkono temuli suwijine Allah Ta’ala dawuh maneh marang malaikat lan para jin lan para syetan kang bangsa ibles supaya pada sujud marang nabi Adam, tegese supaya pada taat marang nabi Adam. Temuli para malaikat matur kasinggihan temuli para malaikat pada netepi sujud pada taat marang nabi Adam. Dene jin lan syetan tegese bangsa ibles tansah pada bangkang lan gumede ora ana kang pada sujud lan taat marang nabi Adam. Mula ibles lan balane iku dadi kafir. Dene dalile iku mau miturut dawuhe Allah katerangan ana kitab suci Al-Qur’anul Karim mangkene Faqaala ta’alaa: Wa idzqaala rabbuka lilmalaa-ikatisjuduu liaadama fasajaduu illaa ibliisa aabaa wastakbara wa kaana minal kaafiriin. Sakwuse mangkono temuli Suwijine Allah Ta’ala kersa mulyaake marang nabi Adam kanti den panggenake ana suwargo. Sakwuse nabi Adam manggon ana suwargo antara lawase mangsa seket ewu taun, temuli suwijine Allah banjur dangu marang nabi Adam, pandangune mangkene Qaala ta’aala: Yaa aadama afatusyriku fil jannati marahan. Artine Hai kekasih Ingsun nabi Adam opo to sira butuh konco kerana kangge kemareman sira ana suwargo, nabi Adam. Sakwuse mangkono panjenengane nabi Adam inggal-inggal matur marang suwijine Allah Ta’ala, mature mangkene: Qaala na’am inna rabbi haitsu yasyaa-u. Artine Panjenengane nabi Adam inggal matur marang ngersane Allah Ta’ala ature mangkene Duh Gusti Pangeran dalem meniko pengeran adalem matur sembah nuwun mbok bileh panjenengan Dalem kerso amaringi konco dateng dalem. Sakwuse mangkono temuli suwijine Allah Ta’ala kerso amotong igo wekase nabi Adam. Nabi Adam tanpa kroso loro babar pisan naliko kapotonge igo wekas iku mau kapintoake marang nabi Adam sarto suwijine Allah Ta’ala dangu marang nabi adam pendangune mangkene “ Hai kekasih Ingsun nabi adam opo to kang sumeleh ono ngarep iro iku “ ,temuli nabi Adam inggal matur marang suwijine Allah, mature mangkene: “ Duh Gusti, kulo kok mboten mangertos”. Sakwuse mangkono suwijine Allah temuli dawuh marang nabi Adam dawuhe mangkene; “ Hai kekasih Ingsun nabi Adam, saktemene kang sumeleh ono ngarep iro iku igo wekas iro yaiku kang calon kanggo kanco iro ono suwargo kono”. Sakwuse mangkono temuli suwijine Allah Ta’ala dawuh Kun fayakuun. Banjur sak kale balong igo wekase nabi Adam sak naliko dadi manuso sampurna yaiku arane Ibu Hawa kang dadi garwane nabi Adam. Sakwuse mangkono temuli suwijine Allah Ta’ala dawuh katerangan ana kitab suci Al-Qur’anul Kariim yaiku mangkene dawuhe ; Wa qulnaa yaa aadamuskun anta wa zaujukal jannata wa kulaa minhaa raghadan haitsu syiktumaa wa laa taqrabaa haadzihisy syajarata fatakuunaa minadh dhaalimiinal aayah. Artine: Hai kekasih Ingsun nabi Adam, suwijine Ingsun dawuh rungokno temenan sak iki ugo siro lan bojo iro tetepo manggon ana suwargo lan podo mangano wong loro koro barang-barang kang ana suwargo rupo woh-wohan karep iro nabi Adam lan ibu Hawa, dene kang Sun larang mung siji ojopisan-pisan Adam lan Hawa kasi nyedak iki kayu Khuldi, ojo maneh kasi nyekel gedene metil wohe, yen siro kasi nerajang waleran Ingsun kalebu wongkang nganiaya lan bakal Sun wethoake suwargo. Tan kucapo sakwuse nampa dawuh kang kaya mangkono iku antara lawase mongso seket ewu taun, banjur katekanan syetan angeridu ibu Hawa nuli ibu Hawa kepengin mangan woh khuldi iku kasi koyo wong nyidam ora kena den penggak babar pisan kasi mekso marang nabi Adam supoyo nabi adam metilake woh khuldi. Laa waktu semono iku antara nabi Adam lan ibu Hawa kasi meh cecongkrahan, suwe –suwe nabi Adam kapekso metil woh kholdi, banjur woh kholdi iku mau diwehake marang ibu Hawa deneng nabi Adam. Temuli woh kholdi iku mau kadahar karo ibu Hawa antara wus entuk rong pertelon sak naliko ibu Hawa metu kopeke. Laa woh kholdi kang kari sak pertelon iku mau banjur den wehake marang nabi adam dening ibu Hawa. Kanti ngucap mangkene ibu Hawa; Wah woh khuldi iku panci enak banget rasane kabeh, panganan ora ana kang bandingi enak-e yen den pangan nikmate kasi rata sak awak. Iki lo bopo adam jajal rasakno kang selining iki, nuli woh kholdi kang selining iku den tapa dening nabi adam, sakwuse woh kholdi den tanpa banjur den dahar dening nabi adam. Laa sakwuse nabi adam dahar woh kholdi kang sak pertelon iku mau banjur sak kolo nabi Adam metu gulune menjing. Mula koyo mengkono sak temene pokoke lan wijine nafsu Aluwamah lan nafsu Amarah lan nfsu Shufiyah lan nafsu Muthmainnah iku ora liyo ugo sangko woh kholdi. Hinggo nabi adam lan ibu Hawa bisa anduwini syahwat sak piturute iku ugo sangko woh kholdi. Mula kedadehane syahwat wong lanang iku mung sak pertelone wong wadon, mergo olehe mangan woh kholdi kangge nabi Adam iku mung sak pertelon, kangge ibu Hawa rong pertelon. Dene dalile katerangan iku miturut dawuhe gusti Allah, katerangan ana kitab suci Al-Qur’an mangkene: “Faqaala ta’aala; Fa-azal lahumasy syaithaanu ‘anhaa fa-khrajahumaa mimmaa kaanaa fiihil aayah”, sakwuse nabi Adam lan ibu Hawa koyo mangkono iku mau banjur suwijine Allah Ta’ala banjur duko kang banget marang nabi Adam lan ibu Hawa hinggo nabi Adam lan ibu Hawa den lucuti dening Allah Ta’ala sandangan suwargo kang agem nabi Adam lan ibu Hawa. Temuli nabi Adam lan ibu Hawa den wetoake songko suwargo dening Allah Ta’ala sarta den pisah antarane nabi Adam lan ibu Hawa kasi ora bisa ketemu babar pisan suiwene ngangti wolu likur dino yaiku awit tanggal telulas (13) . wulan slakase tanggal songo (9). wulan Besar katerangan ana hadits Qudsi. Suweneh qaidah ngarani patang puluh dino (40). Katerangan ana tafsir Jamal, dalile dawuhe Allah katerangan ana kitab suci AL Qur’an: “ Fa-akhra jahmaa mammaa kaanaa fiihi ilakha. Tapi ngertiyo sak temene kabeh iku mau mung kanggo conco yen turun Adam yen arep kumpul antarane lanang wadon kudu kanti ‘aqad nikah sakwuse ‘aqad nikah banjur den temoake iku miturut sejarah naliko nabi Adam lan ibu Hawa den turunake songko suwargo menyang donyo kanti den pisah nuli ketemu ana Jabal Arafah naliko tanggal songo(9) wulan Besar nuli nabi Adam lan ibu Hawa banjur salaman nuli lungguh jejer wuquf ana kono banjur budal menyang Muzdalifah hinggo kasi teko Mekah tanggal sepuluh(10). Mula sak iki turun Adam anane manten kudu nikah nuli den temoake kasi den tenjoake marang panggonane kemanten lanang kuwi pancen miturut sejarah anane Nurullah lan Nur Muhammad naliko ana alam Wahdat nganti tekan Adam lan Hawa nganti tekan turun Adam. Mula sak iki turun Adam iku kudu ngerti sejarah Ahadiyat, Wahdat, Wahidiyat supoyo bisa bali marang Ahadiyat. Tegese kita iki ojo kasi pisah karo Ahadiyat temu maneh kenenga yen kasi pisah banjur sasar. tapi ora bisa kumpul yen ora ngerti. yen ora bisa kumpul banjur sasar. Tammat Bab. Kaping Telulas: Nerangake Dununge Huruf 30 Utawi bab kaping telulas iku nerangake dununge huruf telung puloh mula pada ngertiya; Saktemene Alip iku asal songko alipe lafat Allah, mulo Alip iku kena den arani kawitan lan kena den arani Alip Ahadiyat lan kena den arani Alip Dzatul Wahid, kerana alip iku nuduhake anane Dzat Sejati lan anane Urip Sejati lan anane Ahadiyat, iku tegese anane Allah naliko isih Wujud Muthlaq kelawan Ithlaq. Dene Ba’ sak teruse sampek teka Qaf iku asal songko sifat rong puloh yaiku nuduhake anane Sifat Sejati, tegese anane wahdat yaiku anane rupane Allah. Dene Kaf lan Lam iku anane alam lan ilmu yaiku nuduhake anane Asma tegese anane Wahidat yaiku nyata’ake anane Akbar lan anane wujude asmane Allah lan asmane kagungane Allah. Dene Mim sampek Ya’ iku asal songko Martabat Pitu yaiku nuduhake anane anane Af’al Allah yaiku anane alam kabeh lan anane barang-barang kang ketingal mata. Dene katerangan anane Alif den arani Alif Ahadiyat iku tegese nuduhake anane Allah naliko isih durung berahe kena den arani isih Dzat Sejati tegese isih durung ana sifat isih wujud mahdli tegese isih La-ta’yun tegese isih wujud tunggal urip tunggal rasa tunggal sifat rong puloh iku nuduhake anane Wahdat tegese anane Allah wus kersa nyata’ake wujude sifate Allah yaiku nyata’ke keberahehane nglahirake Nurudzdzati lan Nurush Shifati kerana nyata’ake rupane Allah kanti nyata utawa kanti persela. Dene katerangan anane Kaf lan Lam olehe den arani asal songko alam lan ilmu iku nuduhake anane Wahidiyat tegese anane Allah wus kersa nyata’ake wujude asmane Allah lan asmane kagungane Allah. Dene katerangan anane Mim sampek Ya’ olehe den arani asal songko Martabat Pitu iku nuduhake sampurnane penggawene Allah, dene Martabat iku den bagi dadi 2 (loro). 1) Sing siji den arani Martabat Qadim, 2) Lan sing siji maneh den arani Martabat Muhdats. * Dene Martabat Qadim iku Ahadiyat, Wahdat, Wahidiyat yaiku awit La-ta’yun sampek awal sapek Ta’ayun Tsani. * Dene Martabat Muhdats iku awit lahire alam, arwah sampek Alam Mitsal sampek Alam Ajsam sampek Alam Insan Kamil. Dadi Martabat Qadim iku ana 3 (telu), Martabat Muhdats iku ana 4 (papat). Dene alam lan ilmu lan Martabat Pitu iku dadi dhahir lan bathin, anapun alam iku dadi dhohir, kerana alam iku panggawe kang sampurno lan kang nyata. Dene ilmu iku kaweruh kang sampurno lan kang nyata. Dene Martabat Ahadiyat iku dadi kalimat ashadu, anapun Martabat Wahdat iku dadi kalimat Allah, anapun Martabat Wahidiyat iku dadi kalimat Muhammad. Dene kalimat Ashadu iku nuduhake anane Dzat Sejati, dene kalimat Allah iku dadi Iman, Muhammad yaiku nuduhake kumpule Nurullah lan Nur Muhammad lan kena den arani Nurudz Dzati lan Nurush Shifati . Dene kalimat Muhammad iku dadi Iman Mufashshal lan yaiku nuduhake anane kawula lan gusti lan beda’ake anane aran kawula lan gusti. Gusti iku ana alam Qadim, kawula iku ana alam Muhdats. Dene kumpule Gusti lan kawula – kawula Gusti iku kang jeneng Shalat. Tegese Allah iku asmane Gusti, akbar iku asmane kawula. Allah iku asmane Dzat Sejati, akbar iku Sifat Sejati. Mula shalat iku mesti den kawiti Takbiratul Ihram yaiku ngucap Allaahu Akbar jalaran sak temene shalat iku ngumpulake Iman Mujmal lan Iman Mufashshal. Jalaran Iman Mujmal iku metu saking Nurullah yaiku mengku kalimat Allah. Dene Iman Mufashshal iku metu saking Nur Muhammad, yaiku mengku kalimat Akbar lan yaiku dununge badan kang den arani Jasad Jati. Jalaran shalat iku Ferdlu ngumpulake Iman L oro, tegese kumpulake kawula lan gusti, tegese yaiku kumpule badan lan urip yakni kumpule kawula lan Pangeran. Mula kudu kumpul Iman Loro iku mau supaya dadi Iman Sampurna. Yen wus sampurna iman loro iku mau banjur bisa bali marang Asyhadu kang nganggo ma’no sukci. Dane asyhadu kang ma’no sokci iku tasdid tegese Urip Langgeng sing tanpa huruf lan tanpa suwara tur kang nganggo sifat rong puloh. v Dene alam Arwah iku dadi Af’al, tegese dadi tondo gawene Allah. v Dene alam Mitsal iku asma Allah, tegese dadi tondo arane Allah. v Dene alam Ajsam iku dadi Sifatullah, tegese dadi tondo rupane Allah. v Dene alam Insan Kamil iku dadi Dzatullah, tegese tondo Wujude Allah. Mula sing ati-ati lan ngati-ngati jalaran shalat limang waktu iku dadi sekare Shalat Sejati, tegese sekar iku yen ngasi pritil utawa jeblok iku ora bisa dadi woh, tegese senajan ngucap Allaahu akbar kok kasi ora kumpul kawula lan Gusti iku ora den arani Shalat, dadi umpama kembang ora bisa dadi pentil, tangeh lamun olehe bisa shalat sejati. Mergo yen kasi ora kumpul kawula lan gusti mung kawula tetep kawula, gusti tetep gusti utawa den arani badan tetep badan, urip tetep banjur Ora. Bisa iman Sampurna yen ora bisa Iman sampurna derajate dudu derajate manuso. Banjur ora bisa bali marang asyhadu kanggo makno sukci.Yen bisa kumpul kawula lan gusti iku kumpule iman Mujmal lan iman Mufashshal banjur dadi iman Sampurna, yen wus dadi iman sampurna banjur bisa bali marang asyadu kang nganggo makno sukci tegese kena den arani kumpule kawula lan gusti ilang kawula kari gusti, ilang Muhammad kari Allah yaiku kang aran Shalat Sampurna lan sampurnane, tegese sampurnane sampurna lan sampurnane Shalat lan sampurnane Syahadat lan sampurnane Zakat lan sampurnane Poso lan sampurnane Haji lan sampurnane Islam lan sampurnane Iman lan sampurnane Ma’rifat lan sampurnane Tauhid lan sampurnane Urip lan sampurnane Pati. Bab. Kaping Patbelas: Nerangake Asal Mulane Shalat Asal Mulane Jagat Sak Isine Utawi bab kang kaping 14 iku nerangake asal mulane shalat limang wektu lan asal mulane jagat sak isine iki wajib den weruhi, sopo kang ora weruh dadi kufur, sopo kang mukir dadi kafir Dene asale bumi langit srengenge rembulan segoro gunung kayu watu iku kabeh mau songko Dale lafadl Muhammad. Dene asal suwargo neraka lan arsy lan kursy lan loh lan qalam iku kabeh metu songko Mime lafadl Muhammad kang akhir. Dene asale Malaikat lan Jin Syetan lan para Nabi para Wali para Manusa lan sekabehane hayawan lan sekabeh-ane kutu-kutu walang atogo iku kabeh songko Ha’e lafadl Muhammad. Dene asale suwijine Allah kersa dadekake sekabehane perkara kang dumadi lan mujudake sekabehane dumadi iku sejatine senajan dhohir metu songko ha’e lafadl Muhammad utawa Mim akhire lafad Muhammad utawa metu songko Dale lafadl Muhammad sak temene kabeh kang dumadi iku mau ora liya mung dumadi songko Ha-e lafad Allah lan songko Mime lafadl Muhammad kang awal. Bab. Kaping Limalas: Nerangake Lafadl Muhammad Utawi bab kang kaping limalas iku nerangakae lafad Muhammad bisa dadi rupa manuso awit nabi Adam sampek sak akhire, kaya iki gambare ; Dale lafadl Muham Mime lafad Muhammad iku dumadi –Mime lafad Muham Ha’e lafad Muhammad kang awal iku bongso rasa arane mad kang akhir iku mad iku bongso bongso kunato ara wujude kuping ga-bongso ambu ara-rupo arane, iyo iku ne, iyo iku wujude wene loro iyo iku -ne wujude irung ga wujude mata, ga-cangkem, gawene enone adam lan tuwene loro iyo iku – wene ugo loro iyo ugo loro iyo iku sla-wone adam, sifate uripe adam lan pa-iku anane adam mete adam lan ape Kamal tine adam, sifate ora anane adam, se adam, Jamal sifate Qahar sifate Jalal Mula ngertiyo yen sak temene Muhammad iku dhahire ora liyo songko Alip petang perkara, dene alip petang perkara iku somgko lafadl Allah. Dadi kena den arani lafad Allah iku bisa dadi alip petang perkara, banjur alip petang perkara bisa dadi badan Muhammad yaiku asal asale songko lafadl Allah sejatine. Dene lafad Allah iku bisa dadi alip Dzatul Wahid. Dene Lame lafad Allah kang awal iku bisa dadi alip Huruful Wahid. Dene Lame lafad Allah kang akhir iku bisa dadi Alip Mutakallim Wahid, ya Alip Telu perkara iku kang bisa dadi nyawa Muhammad banjur Ha’e lafad Allah iku bisa dadi Alip Tamsur, yaiku kang bisa dadi badan Muhammad. Mula ngertiyo yen arane Allah iku Dzat yen Muhammad iku Sifat dadi terang yen Dzat bisa ngelaherake Sifat, sifat bisa ngelaherake Asma, asma bisa ngelaherake Af’al. Karena lafad Allah iku bisa dadi alip petang perkara, perkara alip patang perkara sing telu bisa dadi nyawa Muhammad, sing siji bisa dadi badan Muhammad, banjur lafad Muhammad bisa nglaherake konto warna ambu rasa. Dene Mime lafad Muhammad kang awal iku bisa nyukulake Konto. Dene Ha’e lafad Muhammad bisa nyukulake Rupa. Dene Mime lafad Muhammad kang akhir iku bisa nyukulake Ambu. Dene Dale lafad Muhammad iku bisa nyukulake Rasa. Banjur kontowarno, ambu, rasa bisa nyukulake bumi, geni, angin. Dene konto iku bisa nyukulake bumi. Dene warno iku bisa nyukulake geni. Dene ambu iku bisa nyukulake banyu. Dene rasa iku nyukulake angin. Banjur bumi geni banyu angin bisa dadi Adam. Dadi badan adam iku asale bumi bisa dadi kulit, kang asale geni bisa dadi balung. Dene urip adam iku ugo songko alip telu perkara banjur adam bisa ngeto’ake mani, madi, wadi, maningkem. Banjur madi maningkem madi wadi bisa dadi manuso, kerana madi bisa dadi wulu kuku blung sungsum. Maningkem bisa dadi kulit daging otot geteh. Madi bisa dadi nafas nupus roh rasa. Wadi bisa dadi paningal pangrungu pagondo pangersa. Mula kena den arani Allah iku Dzat, Muhammad iku Sifat, Adam iku Asma, manuso iku Af’al, lan kena den arani Dzat nglaherake Sifat, sifat nglaherake Asma, asma nglaherake Af’al. Kerana ora ana Af’al yen ora ana Asma, ora ana Asma yen ora ana Sifat, ora ana Sifat yen ora Dzat. Mula kabeh iku sejatine ora ana liyo kejobo mung kagungane Dzat, tegese yaiku mung kagungane Allah blaka. Wallahu a’lam. Bab. Kaping Nembelas: Nerangake Lafadl ALLAH Utawi bab kang kaping nembelas iku nerangake lafad Allah bisa dadi lafad; لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ Mula pada ngertiyo yen Alipe Lame lafad Allah iku bisa dadi لاَ yaiku nuduhake Lata’- yun lan yaiku tada yen sejatine Allah isih durung nyata tegese durung ketingal brahene Allah Ta’ala yaiku isih Ahadiyat. Tegese isih wujud tunggal Urip tunggal Rasa tunggal lan den arani Allah isih dzat jati lan kena den arani Allah isih ghaib lan kena den arani Allah isih durung laher, ya nalika semono iku Allah Ta’ala kena den arani dzat Jalal yaiku sifate wujud Qidam, Baqa’, Mukhaalafatulil Hawaadisi, Qiyaamuhu bi nafsih, lan Wahdaniyat. Dene Lame (ل) lafad Allah kang awal iku bisa dadi اِلٰهَ yaiku nuduhake Ta’ayun Awal tegese wiwitane brahenane Allah Ta’ala lan wiwitane kagungane Allah Ta’ala, tegese naliko lahire Alam Wahdat. Banjur ana sifat Nurullah, tegese yaiku rupane Nure Allah Ta’ala ingaranan Lintang Johar lan ingaranan Rohullah yaiku rupane Roh Qudus tegese roh suci kang den arani uripe Allah. Banjur suwijine Allah Ta’ala kagungan sifat Jamal, tegese rupa kang pantes ya sifat Jamal iku kang nyukulake sifat Qudrat, Irodrat, Ilmu, Hayat, Sama’ Bashar, Kalam. Dene Lame(ل) lafad Allah kang akhir iku bisa dadi اِلاَّ yaiku nuduhake sempurna ne brahene Allah Ta’ala. Nuli lintang Johar nglaherake roh Indhofi, nukat ghaib, Nur Muhammad. Nur Muhammad kang den arani Nurus Sifat,tegese nure sifate Allah lan yaiku nure sifate rupane Allah lan kena den arani nuril hayat Muhammad lan kene den arani Nur Jati lan kena den arani Sejatine Nurullah. Dadi Nur Muhammad iku kena den arani nure rupane dzate Allah lan kena den arani Sejatine nure Allah. Nuli roh Idhofi lan nukat Ghaib lan nur Muhammad iku mau kadadekake suwiji dining Allah Ta’ala. Banjur kena den arani wus sampurno wujude nur Muhammad. Banjur ketingal sampurnane kuwasane Allah lan sampurnane kersane Allah lan sampurnane nyata ne kagungane Allah lan sampurnane nyatane uripe Allah lan sampurnane rupane Allah. Mula aran sifat Kamal ya sifat Kamal iku bisa nyukulake sifat Qadiran, Muridan, ‘Aliman, Hayyan yaiku kang den arani Ta’ayun Awal. Dene Ha’e ( ﻫ ) lafad Allah iku bisa dadi Allah yaiku tanda nyatane sampurnane kagungane Allah kanti den weruhi kabeh alam yaiku Wahdat wus nglaherake Wahidiyat. Wahidiyat wus nglaherake kabeh alam lan kena diarani Alam Akbar. Banjur ana sifat Qahar kena den arani Allah wus murba wasesa dadi wus ana kratone Allah lan Allah uga wus ngratoni iya sifat Qahar iku bisa nyukulake sifat Sami’an, Bashiran, Mutakaliman, yaiku den arani Ta’ayun Tsani. Mula ngertiya gambarane anane lafadl Allah bisa dadi lafadl; “ : لاَاِلٰهَ اِلاَّ الله” لا اله الا الله ILmu Wujud Af’al Asma Sifat Dzat S ifat Dzat Jisim Ati Roh Rasa Qudrat Qadiron Sama’ Bashar Wujud Qidam Hakekat Ma’rifat Irodat Muridan Kalam Baqa’ Mukhalafatu Muhammad Allah ILmu Hayat Aliman Sami’an Bashiron lilhawadtsi Sifat Dzat Wahdaniyat Hayyan Mutakalliman Qiyamuhu binafsih اَللهْ مُحَمَّدْ أَدَمْ ASMA SIFAT DZAT Adam iku nglaherake kabeh Muhammad nglaherake Allah iku nglaherake muham- manuso arane.Mula muhammad adam naliko wus ana mad naliko isih wujud Nur kang ,adam, alam kabeh lan manus alam Wahidiyat arane. ing dalem nure Allah kang aran iku kena den arani Sifat. lintang johar naliko isih Wujud. Dene keterangan kaya mangkono iku mungguh dhahire Allah nglaherake muham- mad, muhammad nglaherake adam, adam nglaherake manuso mung sejatine mungguh ha-kekate meto’ake Allah Ta’ala dewe kang den weto’ake dhahire Allah Ta’ala dewe metune songko kuwasane Allah lan songko kersane Allah Ta’ala, dadi keterangan iku mung kangge nyunto yen Ahadiyat nglaherake Wahdat, Wahdat nglaherake Wahidiyat. Banjur ilange Wahidiyat bali marang Wahdat, ilange Wahdat bali marang Ahadiyat. Sorah ukure kaya lombok ijo maneh abang. Lombok dzate ijo sifate abang arane, pedes rasane. Kabeh mau mung kanggo milang-milang anane Dzat, Sifat, Asma lan af’al. Nanging kabeh iku mau ora ana kabeh kajobo uteke Dat. Yen dzat ilange songka dhahir lombok ijo abang pedes nanging hakekate sing ijo lombok, sing abang lomboke, sing pedes ugo lomboke. Mula sejatine Wahdat uteke Ahadiyat. Wahidiyat uteke Ahadiyat, kabeh alam uga uteke Ahadiyat. Mula yen wis tunggal ora ana loro lan ora ana telu kajobo mung Tunggal. Tegese tunggal wujude, tunggal rupane, tunggal arane, tunggal gawehane, tunggal rasane kari siji, dadi kana den arani yen wus wujud tunggal, rupa tunggal, aran tunggal, gawe tunggal, rasa tunggal iku ora ana loro kari siji ora ana kawula gusti yakni Allah tanpa ana wujud kawula, tanpa ana rupa kawula, tanpa ana aran kawula, tanpa ana gawe kawula, tanpa ana rasa kawula kabeh iku mung kari Allah bloko. Dene yen wis mangkono banjur endi sing apek, endi sing olo, endi sing den ganjar, lan endi sing den siksa. Mula kudu weruh lan ngerti asale yenwis ngerti asale banjur ngerti baline lan ngerti manggone iyo kaweruh kang kaya mangkono iku sing kudu den goleke lan ya iku kang den karepake dawuhe kanjeng nabi Muhammad SAW. Thalabul ilmi fariidlatun ‘ala kulli muslimin wa muslimat. Dadi golek ana kang den arani muslim lan kang den arani muslimat yen durung temu muslim karo muslimat ojo leren-leren, dadi kowe kabeh iku ferdlu banget olehmu goleke muslim lan muslimat sing kasi ketemu lan sing kasi weruh nyata ojo trima mung kabare bloko. Wallahu a’lam. Bab. Kaping Pitulas: Nyerita’ake Asal–Asale Sekabehane Roh Utawi bab kang kaping pitulas iku nyerita’ake asal-asale sekabehane ro iku pada kaweruhana. Sak temene asal-asale roh iku ora liya iyo ugo songko Allah lan muhammad, tegese songko Ha’e lafad Allah lan songko Mime lafad muhammad. Roh Qudus ratune Roh Roh Rabbani Roh Rahmani Wakile ratu Roh Sirri Roh Nurani Roh Sirmani Roh Jasmani Puser Roh Ruhani Dene roh Jasmani iku arane nyawa kang dadi perdana mentri, tegese kang nguwasa ni ngatur negara. Tegese yaiku ngatur pekerjaan kang den kerjani kabeh propensi, tegese kerjaane gubernur propensi ngendi wae iku mesti tunggu komando songko perdana mentri yaiku roh Jasmani arane. Tegese boh gubernur kang tugas ana propensi mata, buh gubernur kang tugasana propensi kuping, boh gubernur kang tugas ana propensi cangkem sak piturute iku kabeh tunggu instruksi songko perdana mentri kang den arani roh jasmani, ya roh jasmani iku kang bisa nyukupi kebutuhane nafsu aluwamah. Dene manggone nafsu aluwamah iku ana waduk, plawangane ana cangkem, rupane abang, gawene ngucapake olo lan becik. Mulo ngertiyo yen roh jasmani iku lanange, nafsu aluwamah iku wadone. Dene nafsu Jasmani iku kang bisa nyukulake pangrasa lan roh jasmani iku kena den arani uripe sekabehane awak. Mulo den sebutake dadi perdana mentri sebab roh jasmani iku mrintah mentri luwar negri lan mentri dalam negri. Dene sebute roh Jasmani iku لاَاِلٰهَ yaiku nuduhake yen roh jasmani iku bisa hubung- an langsung menyang roh Qudus lan roh Rohmani. Dene roh rohmani iku kang dadi mentri dalam negri yaiku nguwasani ngatur apa wae sak jerone negara, tegese olo becike negara lan ngatur abang ijone negara, tegese negara bisa dadi subur utawa hancur iku tanggung jawabe roh rahmani, dadi roh rahmani iku lanange, dene nafsu amarah iku wadone. Dene roh rahmani iku manggone ana Ati Jinem mlebu metune ana irung, tegese pelawangane ana ing irung. Dene nafsu Amarah iku manggon ana balung, palawangane ugo ana irung. Dene roh rahmani iku sebute اِلاَّ اللهُ yaiku nuduhake yen roh rahmani iku bisa hubungan marang roh Sirri lan roh Rahmani. Dene roh Rahmani iku kena den arani kurungan wadak lan kena den arani manuso majazi yaiku kang bisa nyukulake pangambu. Dene roh Rabbani iku dadi mentri luar negri yaiku kang nguasani masuk keluare apa wae tegese kang metu songko dalam negri menyang luar negri ya dadi tanggungane roh Rahmani lan kang masuk songko luar negri menyang dalam negri iku ugo dadi tanggungane roh Robbani lan cukup kurange dalam negri lan sibuk matine dalam negri lan luar negri iku ugo dadi tanggung-jawabe roh Rabbani. Dene roh Rabbani iku lanange, dene nafsu Sufiyah iku wadone. Dene roh Rabbani iku manggone ana Ati Puad pelawangane ana kuping.Dene nafsu sufiyah iku manggone ana Ati Jantung, pelawangane ugo ana Jantung. Dene roh Rabbani iku sebute الله الله الله yaiku nuduhake yen roh rabbani iku bisa hubungan menyang sekabehaane roh yaiku manuk majazi arane, yaiku kang bisa nyukulake pangrungu lan pangrasa. Dene roh Qudus iku dadi presidene, tegese yaiku kang nguasani sekabehane roh lan kang ngratoni sekabehane roh. Dene roh qudus iku asale songko Ha’e lafad Allah unine Hu (هُوْ) sebute ugo Hu (هُوْ ) yaiku kang den arani manuk Hakekate lan kena den arani Sejatine Urip lan sejatine manusa lan sejatine Allah. Dene roh Qudus iku den arani lanang sejati. Dene wadone iku den arani nafsu Muthmainah, yaiku manggone ana Utek kang den arani Baitul Makmur. Dene roh Sirri iku mentri agama, tegese yaiku kang nguasani hukum lan sekabeha ne roh iku lamun arep hubungan menyang ngendi wae musti liwat marang roh sirri iku kang duweni haq mutus alo lan becik. Dene roh Nurani iku kang dadi mentri pendidikan ya roh nurani iku kang tanggung jawab masalah pendidikan lan pangertiyan apa wae kangge dalam negri iku kabeh dadi tanggung jawabe roh nurani. Dene roh Sirmani iku dadi mentri delegasi. tegese kang tanggung jawab masalah apa wae lan hubungan marang negara ngendi wae iku ugo dadi tanggung jawabe roh sirmani. Dene roh Rohani kang dadi mentri pertahanan. dene penggawehane iku ngurusi masuk keluare musuh dalam negri lan luar negri iku mau ugo dadi tanggung jawabe mentri pertahanan yaiku roh rohani. Mula banjur kaweruhana lan ngertiyo yen sak temene kang den arani manusa iku dhahir lan bathin, tegese batin iku Allah-dhahir iku Muhammad. Dadi urip iku Allah-rogo iku Muhammad. Jalaran urip iku songko Nurullah yaiku Qadim ya batin ya ghaib. Dene raga iku asal songko Nur Muhammad yaiku Muhdas arane, tegese yaiku anyar lan kena den arani Dhahir. Dadi manuso iku iku yen wis ngerti dhahir lan wis ngerti batin bayur den arani ngerti sejatine awake, yen wis ngerti sejatine awake banjur ngerti sejatine Allah. Dadi bisa cocok karo dawuhe Allah, katerangan ana kitab suci Al-Qur’an : “ Man ‘arofa nafsahu faqad rabbahu wa man jahila nafsahu faqad jahila rabbahu wa man jahila rabbahu faqad kafara ”. Artine: Sapa wae kang bisa ngerteni ing sejatine awak dewene si wong maka temen mangertine sapa wong ing sejatine Pengerane lan sapa wonge kang bodo ing sejatine dewene siwong maka temen bodo sapa wong ing sejatine Pengerane lan sing sapa wonge kang bodo ing sejatine pengerane siwong maka temen kenur sapa wong. Wallaahu a’lam. Bab. Kaping Wolulas: Nerangake Puji Utawi bab kang kaping wolulas iku iku martela’ake Puji. Dene puji iku siji ulama’ puji iku ana telung macem. siji ulama’ ana kang ngarani puji iku ana patang macem. Dene ulama’ kang ngarani puji iku telung macem, kang ; 1. siji iku den arani Puji Jisem yaiku pangucap لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ gone ana Cangkem. 2. Loro Puji Nyawa yaiku ngrentek الله الله gone ana Ati Sirri. 3. Puji Rasa yaiku ngrentek هُوْ هُوْ هُوْ sarto eling lan angen-angen sejatine urip tung gal wujud tunggal rasa tunggal, tunggal dadi suwiji. Mulo mengko jalaran jisim iku ngibarat kaca, roh iku ngibarat wayangan, Allah iku ngibarat kang ngilo. Mulo iman iku wajib ngumpule jisim roh Allah, yen ora kumpul diarani Iman. Dadi kang aran iman iku kumpule kaca, wayangan lan kang ngilo yaiku kumpul dadi suwiji. Dadi ora ana kaca, ora ana wayangan, kajobo kang ngilo. Dene wayangan wayangan lan kang ngilo iku ora pisah lan ora kena kumpul, tegese ora kumpul mungguh arahe tapi wayangan iku ora kucap obah mulahe sing nyata. Dene sejatine obah mulahe wayangan iku obah mulahe kang ngilo. Dadi saktemene raga lan roh iku ora ana kang obah kajobo mung obahe Allah. Kaya ler upama wadah utawa jambangan kang ana ora-ora kang isi banyu nalika waktu panas, kabeh jambangan iku mau yen den tingali mesti ana ayang-ayange tapi yen jambangan iku mau pejah ayang-ayangeserngenge iku mau mesti bali menyang serngenge. Mula terang yen wujud kita iku saktemene wujude Allah, rupa kita rupane Allah, aran kita arane Allah, gawe kita gawene Allah. Mula aran sejatine hak iku maujudake Allah, maujudake Muhammad, Muhammad iku mujudake adam, adam iku maujudake manusa kabeh. Dadi cocok karo anane dzat, sifat, asma, lan af’al. Allah iku dzat Muhammad iku sifat adam iku asma manusa kabeh iku af’al, lan kena den arani dzat nglaherake sifat, sifat nglaherake asma, asma nglaherake af’al. TAMMAT Bab.Kaping Songolas: Nyerita’ake Carane Ngamalake Nyebut kalimat لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ Dene carane ngamalake nyebut kalimat لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ miturut wong kang ahli ma’rifat iku; 1. Kudu mangerteni sejatine awak dewene, dadi bisa nyata yen wus weruh sejatine Pengerane. 2. Kudu weruh gone pertapan. 3. Kudu weruh gone kubur jati. 4. Kudu weruh sejatine urip. 5. Kudu weruh sejatine pati. 6. Kudu weruh bakale urip. 7. Kudu weruh manggone urip. 8. Kudu weruh dadine urip. 9. Kudu weruh tekane urip. 10. Kudu weruh lungane urip. 11. Kudu weruh jenenge urip. 12. Kudu weruh kumpule urip. Ad.1) Dene aran awake iku sejatine nur muhammad iku nur muhammad isih sinempen ingdalem nurullah kena den arani sifat isih sinimpen ingdalem Dzat kena den arani awak isih sinimpen ingdalem wiji, dadi babar pisan durung tukul lan durung ketingal kang aran jasat Jati yaiku manggone isih ana Dzatullah. Dzatullah isih gaib yaiku kang den arani sejatine Pengeran. Jalaran sejatine awake sejatine awak-e lan sejatine Pengeran iku tunggal, ya tunggal wujud-tunggal rupa-tunggal aran-tunggal gawe, mulo Allah dawuh “Man ‘arofa nafsahu faqad ‘arofa rabbahu wa man jahila nafsahu faqad jahila rabbahu wa man jahila rabbahu faqad kafaro. Ad.2) Dene panggonane pertapan iku panggone ana Nur Jati, Nur jati iku gone amung karo pengeran jati. Dadi topo iku yen ora manggon ana kono ya durung topo lan durung jeneng topo. Ad.3) Dene kang den goni kubur jati iku ana alam antara, yaiku donya ya dudu akherat ya dudu, tegese dudu dunya dudu akherat, dudu bumi dudu langit, dudu lor dudu kidul, dudu wetan dudu kulon, dudu ngisor dudu duwur. Yen arep weruh gone kubur jati iku golekana ana antarane Dzatullah lan Wujudullah. Dene sejatine iku Roh Qudus utawa den arani Ruhullah lan yaiku kang den arani Roh Suci lan kang den arani uripe Allah. Ad.4) Dene kang den arani Urip Jati iku roh Qudus lan Ruhullah nalika isih gaib asih sinimpen ingdalem Nur Jati, Nur Jati isih sinimpen ingdalem jerone Banyu Urip Alif. Yen siro arep weruh sejatine urip golek-ana gone Roh Qudus lan Rohullah, yen arep weruh Urip Jati gone ana segorone urip yaiku gone ana Telenge Banyu Nur Alif arane. Ad.5) Dene Sejatine Pati iku adam patang perkara. Dene yen arep weruh utawa kepetuk sejatine pati golek-ana menyang gone adam patang perkara, yen arep weruh adam petang perkara tako’no pangarip fa’ arif ujare fa’ arif adam petang perkara iku wis bali menyang panggonane, panggonane ana alam antoro, alam antoro iku gone ana antarane Dzatullah lan Wujudullah. Ad.6) Dene Bakale Urip iku Alif T elung Perkara yaiku ; i) Alif Dzatul Wahid ii) ii) Alif Huruuful Wahid iii) iii) Alif Mutakallim Wahid. Ad.7) Dene manggone bakale urip iku ana gone Pengeran Jati, Pengeran Jati ana Nur Jati, NurJati gone ana alam ahadiyat. Ad.8) Dene dadine Urip iku kumpule Sukma lan nyawa lan Roh. Ad.9) Dene tekane urip iku sakwuse kumpul Dzat, Sifat, Asma, Af’al kumpul dadi suwiji. Ad.10) Dene lungane urip iku naliko perpisahan jasad lan urip, banjur jasad bali menyang anasir jasad urip bali menyang anasir haq yaiku Nur Jati arane. Ad.11) Dene jenenge urip iku kanjeng sinuwun pengeran jati. Ad.12) Dene kumpule urip tegese wungkule urip iku Allah bloko, yaiku kang dadi syarate ngamalake moco lafat لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ kang bener-bener. Allahu a’lam. Bab.Kaping Rongpuluh: Nyerita’ake Ilmu Kang Wajib Diweruhi Utawi bab kang kaping rongpuluh iku nyerita’ake ilmu kang wajib den weruhi sekabehane ummat Muhammad. Dene ilmu kang wajib den weruhi iku ana pat 14 macem: 1. Ilmu Syahadat 8. Ilmu Ma’rifat Tauhid 2. Ilmu Iman 9. Ilmu Ma’rifatul Ma’rifat 3. Ilmu Tauhid 10. Ilmu Ma’rifatul Jinabah 4. Ilmu Ma’rifat 11. Ilmu Ma’rifatush Shalat 5. Ilmu Roh Jinabat 12. Ilmu Ma’rifatus Sakarah 6. Ilmu Shalat 13. Ilmu Sakaratil Maut / Pati 7. Ilmu sekarat Dene ilmu Ma’rifatusy Syahadat iku mangerteni sejatine awak dewe’ne, tegese mangerteni bakale sampek dadine sampek gawene yaiku mangerteni Ahadiyat Wahdat Wahidiyat lan yaiku mangerteni Dzat S ifat Asma Af’al. Dene ilmu Iman iku ngerti wungkule sampek mecahe sampek wungkul maneh. Dene ilmu Tauhid iku ngerti nyawijine Jasad Roh Rasa Allah, tegese ngerti kumpule Jasad Ati Roh Rasa Allah kumpul dadi suwiji kari siji. Dene Ilmu Ma’rifat iku ma’rifate asal mulane roh lan jasad lan ngerti gawene lan ngerti dadine lan ngerti papane lan ngerti mapane lan ngerti panggonane lan ngerti manggone lan ngerti tekane lan ngerti baline lan ngerti dununge. Dene Ilmu Roh Jinabat iku ngerti kumpule Roh lan Jasad, tegese kumpule Nurullah lan Nur Muhammad lan kena den arani kumpule Jalal lan Jamal sucine roh. Dene Ilmu Shalat iku ngerti kumpule kawulo lan gusti lan kena den arani kumpule Jasad Ati Roh Rasa Allah, ilang jasad ati roh rasa kari Allah. lan kena den arani kumpule Ahadiyad Wahdat Wahidiyat, ilang Wahdat Wahidiyat kari Ahadiyat. Lan kena den arani kumpule Dzat Sifat Asma Af’al ilang af’al asma sifat lari Dzat bloko. Dene Ilmu Sekarat iku ngerti cepote sekabehane barang kahanan utawa ilange barang kahanan lan laline barang kang kahanan. Dene Ilmu Ma’rifat Iman iku mangerteni yen sekabehane jasad lan gaoto lan sekabehane rasa lan urip iku kagungane Allah Ta’ala. Dene Ilmu Ma’rifat Tauhid iku ngerteni yen yen kabeh alam sak isine pisan iku ora ana mungguh hakekate kajobo mung Allah Ta’ala dewe kang ana. Dene Ilmu Ma’rifatul Ma’rifat iku ngerteni yen ora ana kang ngerteni lan ora ngerti lan ora ana ngerti kajobo mung Allah Ta’ala dewe kang ngerteni. Dene Ilmu Ma’rifat Jinabah iku ngerti yen dumadine kabeh alam sak isine iku songko patemune jinabah jalal lan jinabah jamal lan ngerti kasuciane Allah lan sucine roh. Dene Ilmu Ma’rifat Shalat iku ngerti kumpule kawula lan gusti lan ngerti aran kawula lan ngerti aran gusti lan ngerti sejatine kang Qadim lan ngerti sejatine kang anyar. Dene Ilmu Ma’rifat sekarat iku ngerti yen sekabehane alam sak isine iku adam, tegese amung Allah kang wujud tunggal, kabeh alam sekutu ing Allah. Dene Ilmu Ma’rifat Pati iku ngerti yen sekabehane alam sak isine iku mati mungguh sejatine, amung Allah Ta’ala dewe kang Urip. Allaahu a’lam. Bab.Kaping Selikur : Nyerita’ake Kang Jeneng Shalat Lan Sampurnane Shalat Lan Nyerita’ake kang Jeneng Manusa Sampurna Utawi bab kang kaping selikur iku nyerita’ake kang jeneng shalat lan sampurnane shalat lan nyarita’ake kang jeneng manusa lan sampurnane manusa lan penggawehane manusa lan nyerita’ake pangertian ikhtiqade para nabi lan para waliyullah kabeh. Dene kang jeneng shalat iku ngadeke ngerti jumenenge Allah. Ucape ngerti lan eling kalamullah. Ruku’e ngerti lan eling kagungane Allah. I’tidale ngerti lan eling nikmat kanugerahane Allah. sujude ngerti lan eling sucine Allah. lungguhe ngerti lan eling kelanggengane Allah sejati. Salame ngerti lan eling asihe Allah lan rahmate Allah. Dene sampurnane shalat iku banget pasrahe marang Allah lan waspada tingale jerone shalat nyata datan samar tegese sak badan sak nyawa sak dhahir sak bathin ora ana kang katinggalan kabeh wus pinasrahake ing Allah wujude sifate Allah yaiku anane dewe ora ana liyo-liyo maneh ingsun kang sifat tunggal, Qadim Baqa’ yaiku ananingsun dewe iku kaweruhana maneh dalil kitab Qudrat Ma’rifatullah mangkene; Wa kullu maktuubatin huwa “ainun ta’ayyinun naas. Artine sak temene kabeh kangsun tulis iku nyatane kahanane manusa yaiku anane Allah Ta’ala maka Allah dawuh; Wa’tashimuu bima an’amallaahu ‘alaikum. Artine pada ngreksaha sira kabeh ing barang-barang kang wus paring nikmat sapa Allah.tumerap sira kabeh yaiku aran nafas. Tegese kang den karepake ngareksa nafas iku kudu ngerti lan eling yen sejatine raga lan urip iku kagungane Allah dewe lan eling yen anane manusa iku anane Allah. Allah Ta’ala wus dawuh maneh Wa’tashimuu bihablillahi walaa tafarraquu artine sira kabeh kagungane Allah lan wus den dawuhi dening gusti Allah supaya sira kabeh pada ngreksa ing taline Allah. Dene kang den arani taline Allah iku ; 1. Nafas, 2. Tanafas, 3. Anfas, 4. Nufus. Ad 1. Dene nafas iku taline Jisim, Ad 2. Dene tanafas iku taline Ati, Ad 3. Dene anfas iku taline Roh. Ad 4. Dene nufus iku taline rasa. Dene kang aran nafas iku angin kang metu. Dene kang aran tanafas iku angin kang mlubu. Dene kang aran anfas iku angin kang tetep ana roh. Dene kang aran nufus iku nyerambahi ing sarira kabeh. Dene manggone Nafas iku ana puser, dene nafas iku kang nguasani sekabehane Jisim, sifate Qahar, pujine yaiku لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ . Dene Anfas iku manggone ana jantung, dene anfas iku penggawehane kang nguasani ati jalal, pujine اِلاَّ اللهُ اِلاَّ اللهُ . Dene Tanafas iku manggone ana sirah, dene tanafas iku penggawehane kang nguasani roh, sifate Jamal, pujine اللهُ اللهُ اللهُ . Dene Nufus iku manggone ana Baitul Makmur yaiku kang den arani Banyu Urip lan kena den arani Sejatine Urip lan kena den arani Urip Sejati. Dene penggawehane iku kang nguasani Rasa, sifate Kamal, dene pujine iku هُوْ هُوْ هُوْ yaiku kang den arani Sejatine manusa. Dene wujude iku kaya jasat lan yaiku nyatane jasad kang tan kena rusak. Laa yaiku kang den arani sejatine manusa ya sejatine Allah ya sejatine urip kang den arani hakekate Ka’batullah lan yaiku nyatane anane masjid samar. Banjur kaweruhane Ilmu iku kang dadi i’tiqade para nabi lan para waliyyullah ingkang nyata sejatine sampurna. Tegese sampurnane Ilmu iku ngerti Iman Tauhid kang langgeng tanpa owah selawase. Dene sejatine Iman iku wus bisa nyat anane rosullah sejati ajo samar-samar, tegese ajo pisan-pisan mamang anane lan ngerti sejatine Tauhid. Dene sejatine Tauhid iku anane Azaalullah sejati, tegese yaiku ngerti sejatine kang nyata tur kang langgeng yaiku Allah blaka, tegese mung Allah dewe, lan ngertisejatine Ma’rifat. Dene sejatine Ma’rifat iku ngerti anane af’al ilang wus nyata langgeng tanpa kena owah tanpa kena rusak yaiku anane wus nyata tunggal tanpa pisah-pisah yaiku anane gusti sejati lan kawula sejati yaiku kumpule jasad sejati marang urip sejati, yaiku kang den arani sampurnane kaweruh yaiku sak badan sak nyawa sak rasa wus rasa tunggal, tunggal dadi suwiji tanpa beda tanpa pisah yaiku kang aran sejatine Ma’rifat lan ngerti Syareat. Dene kang aran Syareat iku pangucap lesan lan sekabehane penggawene gaoto kang kena den tingali kelawan mata kang den perintahake dening gustiAllah kang den lakoake dening rasullah lan ngerti Thariqah. Dene kang aran Thareqah iku mangerteni kabeh kang kena den rungu kelawan kuping lan mangerteni sekabehane roh lan manggoni roh lan penggawehane roh lan dununge roh, lan mangerteni Hakekat. Dene kang aran Hakekat iku ngerti anane paningal tegese ngerti asale paningal lan ngerti asale, mulane apa wae lan ngerti sejatine apa wae lan ngerti baline apa wae lan ngerti wungkule apa wae, lan ngerti anane ma’rifat tegese ngerti kang aran Ma’rifat. Dene kang aran Ma’rifat iku ngerti asal mulane pangambu kerana lan ngerti ghaib lan ngerti anane badan alus kang ana sak jerone badan wadak lan ngerteni manggone lan ngerti gawene lan ngerti dununge lan ngerti wungkule, lan ngerti arane Syahadat Tunggal yaiku ngerti asal bulane kawula lan gusti lan beda-bedane kawula lan gusti lan tunggale kawula lan gusti tunggal dadi suwiji ilang kawula kari gusti yen manggone nyata sampurnane pati lan sampurnane sekarat mula aran sampurna iku wus nyata kumpul wungkul lan ngerti pujine roh. Dene pujine roh iku يَاهُوْ يَاهَوْ yaiku antarane mlebu metune ambekan. Dene mlebu metune ambekan iku Allah lan ngerti kang den arani cekik. Dene kang den arani cekik iku usik musik mung meneng dhahir batin wus ora rumangso darbeni yaiku tangise sukma. Nalika nafas blebu pujine يَاهُوْ nalika nafas metu pujine يَااَللهُ اِلاَّاللهْ lan kudu ngerti aran Syahadat Sukma Mulya. Dene kang aran Syahadat Sukma Mulya iku ambekaku lumaku ana syahadat mustika yaiku eling lan ngerti sak temene sarining urip iku Sifatullah Dzatullah sarta eling patine sukma mulya sirna urip. Dene Raga iku sirnatan sirna apan aku wus weruh ajal sejatine manusa lan ngerti kang den temu sak jerone segoro. Dene kang den temu sak jerone segoro iku aran wadi, sababe den arani wadi iku dudu geni dudu banyu, sejatine iku wedang tegese dudu kaca dudu wayangan dudu raga dudu urip Roh Rohmani arane, lamun ora mangkono ya ora kena den arani Wadi. Yen kasi anut wayangan iku aran Nafi Majazi yaiku kang aran nrambahi badan kabeh, dadi kena den arani durung sekarat mati maneh matiyo. Lamun anut kaca iu arane Roh Indlofi, dene yen wis bisa sirna wayangan lan kaca, tegese wus dudu wayangan lan dudu kaca yaiku wedang banjur wujud Indlofi arane , sababe wus serna aran Nafi jazi, tegese wus ora katon loro-kari siji, yaiku kari wujude ngilo bloko. Lamun kang ngilo iku koyo wayangan ya koyo. lamun kang ilang ngilo iku obah lan meneng wayangan ya obah lan meneng. lamun ngilo iku nangiswayangan ya ugo nangis sak piturute, yaiku kang den arani ngata tunggal, ilang kawula kari gusti lan ya nyata kari wujude Haq krana Allah iku Nafi Azali yaiku Baqa’ arane.Yen kaya mangkono iku kena den arani yen tandane Allah iku bathin. Dene Dzatullah, tegese wujude Allah iku nalika isih dhahir wujude Nur yaiku den arani Nur wilayah. Dene isine Nur Wilayah iku ilmu 4 perkara, yaiku; 1. Den arani ilmu Ghaibul Ghuyub 2. Den arani ilmu Ghaibul Ghawiyah 3. Den arani ilmu Nukad Ghaib 4. Den arani ilmu Laata’yun. *Mulane di arani Ilmu Ghaibul Ghuyub iku jalaran Dzat lan Sifat isih nyata tunggal *Mulane di arani Ilmu Ghaibul Ghawiyah iku isih nyata wujud Johar awal. *Mulane di arani Ilmu Nukad Ghaib iku yaiku nyata kang nyata’ake wujude Allah. *Mulane di arani Ilmu Laata’yun jalaran iku anane roh. Dene kang Wujud iku kang duweni sifat 4 yaiku;1.Wujud 2.Ilmu 3.Nur 4.Syuhud Ø Tegese wujud iku dzat Ø Tegese ilmu iku sifat Ø Tegese nur iku asma Ø Tegese syuhud iku af’al. Yaiku kang aran sejatine Muhammad. Dene sejatine Allah iku ana 3; 1. Roh 2. Akal 3. Qalam Ø Dene roh iku Ahadiyat. Ø Dene akal iku Wahdat. Ø Dene qalam iku Wahidioyat aran. Dene Ahadiyat iku kalimat anduweni huruf 5, yaiku ; 1. Huruf Alip ( أ ) 2. Huruf Ha’ ( ح ) 3. Huruf Dal ( د ) 4. Huruf Ya’ ( ي ) 5. Huruf Ta’ ( ت ) Mula Ahadiyat iku ana 5 macem ; 1) Den arani Ahadiyat Uluhiyah. 2) Den arani Ahadiyat Syarifah. 3) Den arani Ahadiyat Dzurriyah. 4) Den arani Ahadiyat Katsratiyah. 5) Den arani Ahadiyat Jam’iyah. Ya Ahadiyat iku Allah isih ghaib lan yaiku kena den arani Allah isih durung dhahir lan kena den arani isih wang-wang wung-wung lan kena den arani isih Laata’yun, tegese Allah nalika isih durung kersa nyata’ake wujude Allah kabeh alam durung ana sing ana isih adam patang perkara. Dene kang den arani Adam patang perkara, iku ; 1) Sifat Ruhullah, 2) Sifat Nurullah, 3) Sifat Sirrullah, 4) Sifat Kalamullah. 5) Yaiku kang den arani Adam sing ana lan sing nyata mung sifate Allah bloko. Yaiku mula den arani sifat Nurullah jalaran roh suci dewe, tegese urip tanpa nyawa. Mula den arani sifat Nurullah jalaran anane Allah iku padang. mula den arani sifat Sirrullah jalaran Allah kersa durung ngendika. Mula den arani sifat Kalamullah, jalaran Allah ngendika tanpa lesan. Mula yen sira temen-temen wus weruh lan ngerti kang kena mangkono iku ya iku ilmu Adam patang perkara nyata kaweruh ira wus pada karo kaweruhe para nabi lan para wiliyyullah. Sabdane kanjeng nabi rasullah yen sira temen-temen wus weruh lan ngerti iku mau nyata ana ngendikan ana sira iku sak benere manggon ana Baitul Qaddas, tegese nyata suwiji Allah bloko, nyata wujude Allah ketingal jembar sertane terang suwiji kena den arani ning bening dhahir terus ing bathin. Tegese ingkang suci iku rohe ingkang padang terang iku Nure. Ing jembare iku ngakali ingkang ning iku kalame. Dene paningale iku luweh nyata bener-bener tetep kena paningale para nabi lan para waliyyullah, dadi yen ora bisa nyata paningale kanti bener – bener iku dadi kafir. Sabab kaweruhe iku durung bisa nyata. Dene kang aran ilmu iku Dzatullah. dene kang arah ilmu iku Sifatullah iku tan kuwasa aningali. Dene ingkang kuwasa aningali iku mung Allah dewe kang den tingali iku ya Allah dewe. Ya anane Allah iku nyata Qadim Ajali Abadi. Mulane aran Qadim iku anane Allah dengen tanpa ana kang dingeni lan anane Allah iku jumeneng tanpa ana kang jumenengake. Mulane aran Azali iku Allah gawe tanpa tulodo. Mulane aran Abadi iku Allah Akhir, tegese keri tanpa ana ingkang ngareni tanpa wekasan. Dene aran ilmu Qadim Azali iku tegese ilmu iku ma’dum ilaihi tegese wujud tapi ora kena den tingali kelawan mata mungguh hakekate. Dene aran Qadim iku kena den arani A’yan Sabuyan, tegese yae sira arep weruh sejatine Allah kanti nyata iku kudu kelawan ngelmune Allah Ta’ala. Wallahu A’lam. Bab.Kaping Rolikur : Nyerita’ake Azali Ma’lum lan Nyerita’ake Dawuhe Allah Marang Nur Muhammad . . . . . Utawi bab kang kaping rolikur iku nyerita’ake azali ma’lum lan nyerita’ake dawuhe Allah marang nur Muhammad nalika isih ana alam wahdat lan nyerita’ake kumpule shalat limang waktu kang wajib den lakoni kabeh umat Muhammad kelawan langgeng tanpa kena leren babar pisan iku kabeh pada retinono pomo-pomo ojo kasi ora ngerti lan lakonono ojo kasi ora den lakoni lamun ora ngerti dadi kafir, lamun lamun ora den lakoni dadi sasar. Tegese kang aran Azali iku asale kalika Allah isih ghaib lan asal mulane kabeh kang dumadi lan asal mulane sekabehane roh lan urip. Tegese kang aran Ma’lum iku asal mulane sekabehane barang-barang kang dumadi kang kena den tingali kelawan mata. Dene asal asale nalika Allah isih ghaib yaiku isih Dzat Jati arane, tegese isih Allah bloko, isih dzat babar pisan durung ana sifat, dadi durung ana ma’lum lan ma’lumat. Tegese durumg M’lumat iku kena den arani sing ana mung Alif (أ ) ora ana apa-apa babar pisan yaiku kang den arani Alif (أ ) Jati utawa den arani Dzat Jati yaiku Allah bloko. Banjur ana ma’lum yaiku Nur jati arane, dadi lahire nur jati iku songka Dzat Jati yaiku songka Alif. Nur Jati den arani lanang jati Sakwuse mangkono banjur Alif (أ ) Jati, iku mau nglaherake maneh Sifat Jati, sifat jati den arani Nur Muhammad lan den arani wadon sejati. Sakwuse mangkono banjur Alif Jati ngumpulake nur jati lan Sifat jati kang den arani NurMuhammad, Olehe ngumpul kasi ora kena den beda’ake, banjur ketingal nyata wujud aksara pitu (7). Dene rupane aksara pitu (7) mau; 1. Aksara Alif ( أ ) 2. Aksara Nun ( ن ) 3. Aksara Lam ( ل ) 4. Aksara Wawu ( و ) 5. Aksara Dal ( د ) 6. Aksara Sin ( س ) 7. Aksara Ba’ ( ب ) Banjur aksara pitu iku mau angaranan lanang jati lan wadon jati. Ø Dene kang den arani lanang jati iku aksara Alif ( أ ). Ø Dene kang den arani wadon jati iku aksara Nem (6) yaiku : 1. Nun ( ن ) 2. Lam ( ل ) 3. Wawu ( و ) 4. Dal ( د ) 5. Sin ( س ) 6. Ba’( ب ) Banjur aksara nem(6) kang den arani wadon jati iku mau banjur nglaherake alam kabeh sak isine pisan. Dene aksara Alif (أ) kang den arani lanang jati iku mau kang dadi uripe alam kabeh sak isine. Mula banjur den arani yen raga iku songko ibu. Yen urip iku sangko bapak jalaran yen urip iku songko Nurullah kang den arani nur jati kan den arani lanang jati lan kang den arani sejatine urip. Dene raga iku songko aksara nem, raga apa wae. Dene manusa iku sirahe aksara songko Jim( ج ). Dene dadine iku songko aksara Nun ( ن ). Dene lambene iku songko aksara Lam ( ل ). Dene bahune iku songko aksara Wawu ( و ) Dene wetenge iku songko aksara Sin ( س ). Dene sikile iku songko aksara Ba’ ( ب ). Dene aksara pitu iku bisa dadi jagat sak isine yaiku: 1. Alif ( أ ) ngeto’ake banyu tumetes dadi segoro, 2. Ba’ ( ب ) ngeto’ake banyu tumetes dadi mego, 3. Jim( ج ) ngeto’ake banyu tumetes dadi bengawan, 4. Nun ( ن ) ngeto’ake banyu tumetes dadi gunung, 5. Lam ( ل ) ngeto’ake banyu tumetes dadi langet, 6. Sin ( س ) ngeto’ake banyu dadi tumetes dadi bumi, 7. Wawu ( و ) ngeto’ake banyu tumetes dadi iwak. Mula mangertiyo sak temene kabeh alam, awit alam arwah sampek alam akherat sak isine pisan iku ora liyo mung dumadi songko aksara pitu(7) iku mau. Dene dawuhe Allah Ta’ala marang nur Muhammad nalika isih ana alam wahdat iku mangkene: Hai kekasih Ingsunnur Muhammad, sira agawehe ing dadine manusa sak jerone dadaiku kang ana kiblate sak jerone kiblat iku ingkang ana kedong, la gedong iku mau kang ana lawange, lawang iku mau kang bisa mengo lan bisa minep. Dene sak jerone kedong iku ana isine,isine suwiji-wiji sak jerone wiji, wiji iku mau ana rasa kang den arani rasa sejati-sejatine rasa kang aran Sirrullah, sak jerone Sirrullah iku mau isinana sastra telung puluh(30), yaiku rupane: 1. Utek 2. Paningal 3. Pangrungu 4. Pangambu 5. Pangucap 6. Pangrasa 7. Sastra Alif. Sak wuse mangkono banjur Sastra Alif banjur sandingane, yaiku: Getih 2. Daging 3. Otot 4. Balung 5. Sungsum 6. Jantung 7. Limpa 8. Pusuh 9. Maras 10. Ketek 11. Ilat, Yaiku kang den arani sifat 20 jalaran iku sing bisa ngunekake lafad لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ lan sing bisa ngunekake بِسْمِ الله . lan sing bisa ngunekake آمِينْ . Dene isine lafad لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ lan بِسْمِ الله lan آمِينْ iku puji sak jerone puji iku isine Allah lan Muhammad. Dadi yen bisa eling lan ngerti sejatine Allah lan sejatine Muhammad banjur karo mlebu metune ambekan kanti langgeng iku den arani Shalat Daim lan yaiku kang den arani sejatine rasullah. Dene kang den arani kumpule waktu kang lima sing ora kena leren babar pisan lan sing ora kena pedot kang den arani Shalat Daim iku wudlune tetep eling sak temene urip iku uripe Allah. Dene ngadeke iku eling yen sak temene obah usik iku obah usike Allah. dene niate iku eling yen sejatine Allah iku wujud tunggal rupa tunggal aran tunggal gawe, tunggal urip, tuggal rasa tunggal. Dene Tekbire iku M’rifat, tegese eling yen urip iku Allah yen badan iku muhammad. Dene Rukuke iku Iman, tegese yaiku berimane nyawa ing Allah. Dene Sujude iku Syahadat, tegese yaiku eling yen ana ningsun iku anane Allah, wujud ingsun ya wujude Allah. Dene Lungguhe iku Tatsdid, tegese eling marang sejatine uriplanggeng sing tanpa huruf lan tanpa suara, sifat 20 kang wus ana kono. Dene Salame iku eling wujud wujude Allah, yaiku den arani kumpule wektu kang lima(5) kang den wajib lakoni umat Muhammad kang ora kena leren babar pisan. Dene Dzikir kang wajib den lakoni umat Muhammad iku atine kudu tansah eling kang den puji Allah kang muji Allah pamujine-pamujine Allah. Kang nyembah Allah, kang den sembah Allah, panyembahe-panyembahe Allah. Kang den panggeh Allah kang panggeh Allah pemanggihe-pemanggihe Allah yaiku kang den arani Dzikir.Wallahu a’lam. Bab.Kaping Telulikur : Mertela’ake Perinci-Perincine Allah lan Muhammad . . . . . Utawi bab kang kaping telulikur iku mertela’ake princi – princine Allah lan Muhammad. Allah iku batine pengeran lan aran Wujud Mutlak kelawan Idhlaq ,tegese wujud dewe tanpa ana kang maujudake, urip dewe tanpa ana kang nguripake, jumeneng dewe tanpa ana kang jumenengake, awal tanpa ana kawitane, akhir tanpa ana pungkasane yaiku aran Qadim Azali Abadi. Dene Muhammad iku aran Dza Mutlak yaiku aran Wujud Sifat tegese wujude sifate pangeran lan kena den arani dhahirepengeran lan kena den arani nyatane pengeran yaiku aran Insan Kamil. Dadi Allah iku maqome Ahadiyat, Muhammad iku maqome Wahdat Adam iku maqome Wahidiyat, tegese Allah iku Dzat Muhammad iku Sifat Adam iku Asma Manusa iku Af’al. Dene kang aran Insanul Kamil Kamilul Insani iku wus sing ngerti kumpule Jasad, Ati, Roh, Rasa, Allah. Tegese ngerti yen jasad iku ibarat oma, yen ati iku ibarat kurungan wadak. Dene roh iku ibarate kurungan alus, dene rasa iku manusa ajazi, dene Allah iku ibarate manuk hakiki. Dadi kabeh jasad ati rasa iku mau ora ana kang bisa obah kajobo obahe Allah, jalaran kabeh iku mau mung Sifatullah Asma’ullah Af’alullah, dadi ya ora ana bisa ohah yen Dzat ora obah. Dene kedade’ane Rosa iku ana papat rupane:1. Wujud 2. Ilmu 3. Nur 4. Syuhud. Tegese kang den karepake Wujud iku dzat, tegese kang karepake ilmu iku Sifat, tegese kang den karepake Nur iku Asma, tegese kang den karepake Syuhud iku Af’ala. Dadi kedadehane roh iku ora liyo ya songko Dzat, Asma, Af’al. Dene kang aran ghaib iku alam kaber den panjengake menyang alam shaghir. Tegese dhahir den panjengake menyang batin. Dene ilmu ghaib iku pangertiyan mangerteni ghaib iku rupane lan jalaran yaiku badan wadak panjengake menyang nafas aluwamah. Nafsu aluamah panjengake menyang nafas. Nafas den panjengake menyang menyang nafsu amarah. nasfu amarah den panjengake menyang tanafas. Tanafas den panjengake menyang nafsu shufiyah, nafsu Supiyah den panjengake menyang anfas. Anfas den panjengake menyang nafsu muthmainah. Nafsu muthmainah den panjengake menyang nufus. Nufus den panjengake menyang roh nabat. Roh Nabat den panjengake menyang roh hewan. Roh hewan den panjengake menyang roh jasmani. Roh jasmani den panjengake menyang roh rohani. Roh rohani den anjengake menyang roh sirmani. Roh sirmani den panjengake menyang roh nurani. Roh nurani den panjengake menyang roh rahmani. Roh rahmani den panjengake menyang roh sirri. Roh sirri den panjengake menyang roh Indhofi. Roh Indlofi den panjengake menyang roh qudus. Ya roh qudus iku kena den arani kanugrahane Allah lan roh kudus iku den arani Nurullah, tegese kena den arani uripe Allah lan ya roh kudus iku anduweni poncodriyo tegese yaiku paningal pangambu pangrungu pangrasa pangucap lan roh Kudus iku kena den arani Sejatine Urip. Mula yen roh iku pirang-pirang tapi yen urip iku mung siji, dadi yen roh iku sifat. Yen urip iku Dzat. Mula yen wis rasa tumggal urip tumggal banjur kena den arani Sifat manjing menyang Dzat. Mula yen wis tumeka pangkat kang koyo mangkono iku banjur kena den arani sak uni-unine dadi puji, sak polah tingkahe dadi bukti, sak obah usike dadi shalat, sak melek turune dadi dzikir. Jalaran wus kumpul urip rasa Allah, yaiku cocok karo dawuhe Allah Ta’ala ; Al insaanu sirriy wa ana sirruhu. Mula iku pada retenana lan pada elingen sing temanan supaya ben bisa dadi Iman Sampurna. Dene kang den arani Iman Hakeket iku tetemone kawula lan gusti lan menunggale kawula lan gusti tunggal dadi suwiji ler upamane segara loro tanpa tepi, tegese upamane segara loro tanpa pisah lan tanpa wates, tegese upamane maneh tanggal pisan lan tanggal purnama yen pisah wujud pirang-pirang yen kumpul tanpa ana bedane tunggal wujud, tunggal rupa, tunggal aran, tunggal gawe yaiku mungguhe wong ahli Ma’rifat lan mungguhe wong ahli Hakekat beda karo wong ahli Syare’at, jalaran yen wong ahli syare’at iku ora bisa kumpul kawula lan gusti, yaiku kawula tetep kawula, gusti tetep gusti, kawula sing nyempah, gusti kang den sembah. Upama rongko tetep rongko, curiko tetep curiko, raga tetep raga, urip tetep urip, siro ya siro, ingsun ya ingsun, dadi yen ngono sing weruh matane sing krungu kupinge sing ngambu irunge sing ngucap cangkeme sing ngising lan sing ngentut silite sing mlaku sikile, dadi urip ora kangge mung kempas-kempis bloko. jalaran olehe kena mangkono iku isih wutha. Yen wong ahli Ma’rifat lan wong ahli Hakekat ora ngono, badan nyawa rasa Allah iku tunggal tegese sira ya ingsun, ingsun ya ingsun jalaran ningali dawuhe Allah katerangan ana kitab suci Al-Qur’an mangkene: Al insaanu sirrii wa ana sirruhu. Wallahu A’lam Bab.Kaping Pat likur : Nyerita’ake Wilangane Ambekan Dene wilangane ambekan iku nalika mlebu metu ingdalem mongso sedino sewengi iku ana 24400 miturut ulama ahli Arif mirit saking dawuhe kanjeng nabi Muhammad SAW Sing sapa wonge dzikir tegese eling ing Ahadiyat Wahdat Wahidiyat kanti den barengake karo mlebu metune ambekan iku luwih utomo banget lan luwih sampurno, mula sira kabeh pada nglakonana dzikir kang kaya mangkono iku kanti kaweruh kang sampurno. Lamun sira kasi ora nglakono dzikir bakal sasar lan bakal sengsara selawase kang ora ana eneke. Dene wilangane ambekan kang mlebu lan kang metu iku ana 4 macem : 1) Jenenge Napas yaiku mlebu metune ana cangkem rupane ireng lan ijo. 2) Jenenge Tanapas yaiku rupane kuning mlebu metune ana kuping. 3) Jenenge Anpas yaiku mlebu metune ana irung rupane abang 4) Jenenge Nupus yaiku mlebu metune ana mata rupane putih Ø Dene Napas iku mau penggawehane mlebu metu tansah eling lan weruh, tegese ngerti kahanane Allah, pujine لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ . Ø Dene Tanapas iku mau penggawehane mlebu metu tansah eling sejatine Allah, pujine اللهُ اللهُ اللهُ . Ø Dene Anpas iku mau penggawehane tansah eling nalika mlebu metune ambekan marang kaersane Allah Ta’ala, pujine يَااَللهْ يَامُحَمَّدْ . Ø Dene Nupus iku mau penggawehane nalika mlebu metu tansah eling Kaluhurane Allah subhanu wa Ta’ala, pujine هُوْ هُوْ هُوْ. Dene carane yen arep mraktekake dzikir kanti ngucapake lafad لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ iku nalika ngucapakeلاَ iku kudu narik pikiran awit saking wudel sampek teko utek kanti eling Ahadiyat. Yen nalika ngucapake اِلٰهَ iku kudu narik pikiran awit sangking utek terus den turunake marang Ati Sukma utawa marang Ati Jantung kanti eling Wahdah. Dene yen nalika ngucapake اِلاَّ اللهُ iku kudu narik pikiran awit saking jantung sampek teka ngusore susu kiwo kanti eling Wahidiyat. Dene akehe iku tan planggaran yen wus tutuk kudu den pungkasi ngucap Muhammadur rosuulullah sarta tarik pikiran awit saking ati sanubari sampek teko Ati Sukma kanti eling Wahdat Wahidiyat, olehe eling ana sak jerone Ati Pu,ad. Dene Ati iku rupane koyo kudup mlati gone ana Ati Jantung lan yaiku koyo getih tapi dudu getih yaiku daging suwedah arane yaiku isyarat atine nabi Muhammad SAW. Kanjeng nabi Muhammad SAW dawuh maneh, dawuhe mangkene: Wahai ummatku,sira kabeh pada ngaweruhi ilmu dhahir lan ilmu bathin kang wajib di lakoni sekabehane manusa urip ana alam donyo, lamun kasi ora weruh lan ora nglakoni bakal nompa bendu sangka kang maha Mulyo sing ora ana enteke iki rupane; 1. Den arani Ilmu Syare’at Dene ilmu syare’at iku ngerteni barang2 kang wajib den lakoni, tegese mangerteni penggawehan kang wajib den lakoni manusa urip nalika ana alam donyo mungguh dhahir yaiku penggawehane gaoto lan jasad kang den printahake dening gusti Allah kang wus den contoni dening rasullah munggphing dhahir kang wajib den lakoni kabeh manusa tanpa pilih-pilih koyo to nglakoni kabecikan lan cegah larangan. 2. Den arani Ilmu Bathin Dene kang aran ilmu bathin iku mangerteni ma’rifat, tegese yaiku mangerteni penggawehane kang wajib den lakoni mungguhing manusa ingdalem bathin kang wus den contoni dening kanjeng nabi Muhammad SAW ing dalem bathin kang wus den printahake dening gusti Allah, lan mangerteni sejatine Allah kanti nyata kelawan nganggo kaweruh kang sampurna. Dene metune ma’rifat iku songko panongal. 3. Den arani Ilmu Thorikoh Dene kang aran ilmu thorikoh iku metune songko pangambu, tegese kang aran thorikoh iku kudu mangerteni lakune ambekan lan kudu mangerteni asal dumadine nyawa nalika nyawa isih sinimpen ing dalem wahdat lan kena den arani ta’ayun tsani, sinempen ing dalem ta’ayun awal lan kena den arni dhahir, sinempen ing dalem bathin serta eling kuasane Allah Ta’ala serta den barengake kelawan mlebu metune ambekan kanti ngeningake cipta serta mandeng puji ing gerana. 4. Den arani Ilmu Hakekat Dene kang aran ilmu hakekat iku mangerteni sejatine Allah nalika isih wujud mutlak kelawan Ithlaq, tegese mangerteni Allah nalika isih Dzat Jati nganti wujud Nur Jati nganti wujut Nur Sifat ngani Nur Mutlak, tegese bisa mangerteni hakekate kawula-gusti lan hakekate gusti, lan ngerti kumpule kawula lan gusti dadi bisa ngerti asale sampek dadine sampek bali menyang asale maneh yaiku kang den arani ilmu hakekat, lan kudu mangerteni lakune tanapas. Dene Tanapas iku angen kang mlebu metune anakuping, lan mangerteni asal dumadine tanapas serta eiling Wahidiyat, tegese eling marang Ta’ayun Tsani lan eiling maha agunge Allah Ta’ala, olehe eling ana sak jerone rasa, tegese ana rasane rasa serta langgeng eling. 5. Den arani Ilmu Bathin Dene kang aran ilmu bathin iku mangerteni campure rasane Allah lan rasa kita lan sak jerone tansah eling lan angen – angen campure rasane Allah lan rasane kita kanti langgeng elinge. 6. Den arani Ilmu ghaib Dene kang aran ilmu ghaib iku mangerteni samare samar, tegese mangerteni lembute lembut lan jerone jero kasi ora kena den tingali kelawan mata merga saking gedene lan ora kena den grayang kelawan gaoto marga wus campur karo gaoto lan ora kena den bandengake karobarang kang nyata ketingal mata merga luwih nyata saking olehe nyata kasi wujud tunggal rupa tunggal arn tunggal gawe tunggal rasa tunggal Dene ilmu ghaib iku kang bisa ngaweruhi lan kang bisa ngerteni lan kang bisa ngerjani iku jerone rasa, tegese rasa ning rasa kerana ilmu ghaib iku den arani Ilmu Rasa Sejati-Sejtine Rasa yen sira wus bisa nglanggengake kang kaya mangkono iku mau kena den arani wus tumeka drajat Iman Baqa’. 7. Den arani Ilmu Barzah Dene ilmu barzah iku kena den arani mangerteni Ahadiyat Wahdat Wahidiyat, tegese ngerteni asale lan ngerteni dadine lan ngertene gawene, tegese ngerteni wungkule lan ngerteni pejahe lan ngerteni wungkule maneh yaiku kang aran ngerti ing sejatine Allah banjur ngerti ing sejatine kawula lan tetemune kawula lan gusti lan kumpule kawula lan gusti yaiku kumpule Adam Muhammad Allah sarta eling Ahadiyat Wahdat Wahidiyat, tegese Ahadiyat iku Laata’yun tegese durung nyata. Dene Wahdat iku Ta’ayun Awal, tegese wiwitan nyata. Dene Wahidiyat iku Ta’ayun Tsani, tegese kumlare apa-apa yaiku lahire Alam Arwah, Alam Mitsal, Alam Ajsam, Alam Insan Kamil. Dene alam arwah iku kumpule wiji, tegese kumpule nyawa. Dene alam mitsal iku wiji pinisah, tegese nyawa wus den pisah-pisah. Dene alam ajsan iku wiji pinanjingake jisim, tegese nyawa wus den panjengake jisim. Dene alam insan kamil iku tegese wus wujud manusa sampurna. Dene alip ( أ ) petang perkara iku Asale songko lafad Allah(اَللهُ ) rupane: 1) Alip( أ ) kang asal songko alip( أ )e lafad Allah (اَللهُ ) yaiku den arani Alif Dzatul Wahid. Jinabar unine A( اَ ) yaiku nuduhake isyarat anane Allah sifate maknawiyah. 2) Alip ( أ ) kang asal songko Lam( ل )e lafad Allah ( اَللهُ ) kang awal iku den arani Alif Huruful wahid den pes unine U( اُ )yaiku isyarat anane urip sifate Salbiyah. 3) Alip ( أ ) kang asal songko Lam( ل )e lafad Allah (اَللهُ ) kang akhir iku den arani Alif Mutakallim Wahid den asroh unine I( اِ ) yaiku isyarat anane Ingsun sifaet Nafsiyah. 4) Alip ( أ ) kang asal songko Ha’( ه )e lafat Allah (اَللهُ ) iku den arani Alif Tamshur yaiku dadi anane mahluk kabeh, tegese anane jasad kabeh lan liya-lyane. Mula mangertiyo yen urip iku asal songko A.U.I ( اِ اُ اَ ) tegese songko alip( أ )e lafad Allah (اَللهُ ) kang den arani Alif DzatulWahid. 5) Lan Alip ( أ ) kang asal songko Lam( ل )e lafad Allah (اَللهُ ) kang awal kang den arani Alif Huruful Wahid. 6) Lan Alip( أ ) kang asal songko Lam( ل )e lafad Allah (اَللهُ ) kang akhir kang den arani Alif Mutakallim Wahid. Mula urip iku dudu makhluk. Dene jasad lan kabeh kang dumadi iku kena den arani makhluk, jalaran jasad lan kabeh kang dumadi mau dumadi saongko Alif Tamshur, ya Alif Tamshur iku kang asal songko Ha’( ه )e lafat Allah (اَللهُ ), mula kena den arani yen jasad lan kabeh kang dumadi iku kawula arane. Dene yen urip iku kena den arani pengeran. Wallahu A’lam. Bab.Kaping Selawe : Nyerita’ake Shalat Utawi bab kang kaping selawe iku nyerita’ake shalat. Dene shalat iku ngadeke eling urip selawase tegese urip langgeng, dene urip langgeng iku asal songko Alif Mutakallim Wahid yaiku den arani sejatining cahya yaiku Nur Jati arane. Dene shalat iku ruku’e iku eling angin petang perkara. Dene angin patang perkara iku rupane: 1. Napas 2. Tanapas 3. Anpas 4. Nupus. Ya angin patang perkara iku Sirrullah yaiku kena den arani kahanane rasuullah. Dene shalat iku sujude eling banyu petang perkara. Dene banyu petang perkara iku: 1. Den arani Banyu Nur Mani iku dumadi sirah. 2. Den arani Banyu Nur Maningkem yaiku dumadi dada. 3. Den arani Banyu Nur Madzi yaiku dumadi weteng. 4. Den arani Banyu Nur Wadi yaiku dumadi suku. Dene Shalat iku lungguhe eling yen asale iku songko bumi. Den kang arani bumi iku asal songko Sejatine roh Rahmani. Dene Sejatine Banyu iku asal songko Rasa. Dene Rasa kang sampurna iku kena den arani Sirrullah. Dene Sejatine Bumi iku Roh Jasmani. Dene Roh Jasmani iku nerima katetepan atine wong mukmin kang den arani Baitullah yaiku tanpa kena pegat, tegese tan kena pegat babar pisan syahadate ing Allah. Dene sejatine api iku uripe Shadrah. Dene sejatine angin iku uripe napas kabeh. Dene sejatine banyu uripe pandulu yaiku aran rasa kang sampurna. Dene sejatine api metu songko ati, cahyane putih, kang den arani Lerkumala yaiku Makbule Iman ira. Dene sejatine angin iku Iman Shadrah arane cahyane mencorong kaya tanggal purnama, metune songko Ati Dada, Dene sejatine banyu utawa banyu sejati iku uripe shadrah lan uga den arani Iman Shadrah, manggone ana Ati Puad. Dene sejatine bumi utawa bumi sejati iku Iman Hidayatullah. Dene napas iku metu saking irung, cahyane putih yaiku kang bisa nyukulake Pangambu. Dene tanapas iku medal saking kuping, cahyane kuning yaiku kang bisa nyukulake Pangrungu. Dene Anpas iku medal saking cangkem, cahyane Abang yaiku kang bisa nyukulake Pangucap. Dene Nupus iku angin kang medal saking mata, cahyane Ijo yaiku kang bisa nyukulake Paningal. Dene pujine Napas iku لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ . Dene pujine Tanapas iku يَااَللهْ يَامُحَمَّدْ . Dene pujine Anpas iku اَللهُ اَللهْ . Dene pujine Nupus iku يَاهُوْ اَللهُ . Dene bakale badan iku songko anasir jasad yaiku ana papat (4) : 1. Api 2. Angin 3. Banyu 4. Bumi Ø Dene api iku bisa dadi rupa jantung utek lan daratan. Ø Dene angin iku bisa dadi wujud asma, af’al, jinem, limpa perugune ana sukma mulya. Ø Dene banyu iku wujude bisa dadi sungsum, otot, keringat, pancadriya, mang- gone ana Ati Puad dununge ana Rasa. Ø Dene bumi iku wujude bisa dadi kahanan sifat yaiku rupane daging, balung dadi tenggok, gigir, tangan, sikut, lambung kiwo, lambung tengen, irung, cangkem, sirah. Dene kang aran shalat iku sejatine tingkah lan budi tegese kang aran shalat iku awale Takbir kudu waspada lan kaweruhana solahe wong, lamun ora weruh tatakramane lan niyate shalat indalem sak jerone Takbiratul ikhrom iku dudu shalat. Dene tata kramane lan niyate sak jerone Takbiratul ikhrom iku ora rumangso duweni shalat kajobo Allah kang Tunggal nyatane. Utawi nama shalat iku sih sinisihan maka banjur kapasrahna marang kanjeng nabi Muhammad SAW sinelir, sabab anggone ngadhahirake ing kersane Allah Ta’ala iku papak kabeh saking penggaotone wektu lima yaiku anane pamiharso lan pandulu. Dene Shalat Dhuhur iku nyatane pamiharso lan paningal loro. Dene Shalat Ashar patang raka’at iku manggone ana gigir lan dada lan lambung kiwo tengen. Dene Shalat Maghrib telung raka’at iku manggone ana grono loro, lan muko utowo cangkem. Dene Shalat ‘Isya’ patang raka’at iku manggone ana pupu loro lan asta loro. Dene Shalat Shubuh rong raka’at iku manggone ana roh lan jasad. Dene Roh Rahmani lan Roh robbani lan Roh Nurani lan Roh Idlofi iku budine rasa lan Cahyo. Dene Roh Fanaiyah iku gawene Iman Tauhid. Dene Barzah iku terbuko songko Roh Hayawan lan Roh Jasmani. Dene Roh Rohani iku uripe kulit daging getih balung yaiku kang den arani badan wadak, tegese jasad yaiku kang manggon ana polo kencana. Dene polo kencana iku naliko ana dunyo, manggone ana badan alus kang ora kena kambah dening nabi Adam as. Makarya kang koyo mangkono iku minungko dadi makaryane jasade wong abror tingkahe pada sujud marang Allah Ta’ala nganti teka dina kiyamat, ya kaya mangkono iku kena diarani dadi makaryane badan alus utawa den arani makaryane kumpule badan alus kang manggon ana polo kencono ya makarya iku sira pada ngaweruhana, jalaran makarya iku wajib den lakoni krono iku makaryane dzat kang tetep ing nabiyyullah kang wus sumeleh lan wus kapendem ing bumi Allah, ken den arani wus muleh ilang mung kari tetep ing tingale Ya hu liyep direp latip pada mengko diri dewe-dewe sirna kabeh tanpa ana ketingal. Dene yen arep matek ing sekarat Dzatullah iku ya kudu sumende ing Dzatullah. Sifatullah iku kudu sumende ing Sifatullah kabeh sih Sirrullah laahut kabeh ajo ana kang keri wulune sak lembar wae mung kari Allah bloko, lep ilang blas teka ing Rahmatullah. “Asyhadu ana ningsun, Ilaaha rupa ningsun, Allahu pengeran ningsun, iya ingsun kang nuduhake marang marga padang, urip tan kena ning pati, mulya tan gawewotan, eling tan kena lali, sir ning sir wening tunggal weruh jumeneng langgeng, budine angen-angen tansah madep ing pengeran kang sejati”. Dene iki syahadate kang pinunjul tegese waliullah kang wus sampurna iki rupane; “Asyhadu kahananingsun, Allah pangeran ningsun, setuhune ingsun sak badan sak nyawa les ing ati, eling ing paningal, Dzatullah tan kersa aningali”. Iki syahadate kanjeng nabi muhammad SAW nalika sekarat: “Asyhadu ngerti badan Allah kerem ing Dzatullah, badan kerem ing Dzatullah yaa Hu”. Wallahu a’lam. Bab.Kaping NemLikur: Nyerita’ake Tapel Adam Utawi bab kang kaping nemlikur iku nyerita’ake tapel adam tegese nyerita’ak asal asale kedadehane nabi Adam as. Dene sirahe nabi adam iku asal songko bumi Baitul Muqaddas. Dene wedanane iku asal songko bumi suwarga. Dene untune iku asal songko bumi Hindi. Dene balunge asal sangko bumi Jabal Kaf. Dene ngurete iku asal songko bumi Babil. Dene gigire iku asal songko bumi Arab. Dene atine iku asal songko bumi Firdaus. Dene ilate iku asal songko bumi Thaib. Dene netrane iku asal songko bumi Tlaga Kausar. Dene gronone iku asal songko bumi Ka’bah. Miturut katerangan ana kitab Daqaiq mangkene: Utawi Nafsu Aluwamah iku manggone ana cangkem. Dene Nafsu Amarah iku manggone ana kuping. Dene Nafsu Sufiyah iku manggone ana netra. Dene Nafsu Muthmainah iku manggone ana irung. Dene nafsu muthmainah iu yen musik dadi cipta arane, yen manjeng iku napas arane. yen ana utek iku budi arane. Yen tunggal karo Roh Qudus iku rasa arane yaiku Dzatullah arane, yaiku Wujud Mahdli arane, yaiku kang sediyo ing deweke. Dene ynuju meneng iku rasullah arane, yen manjeng iku wali arane, yen metu iku mukmin arane, lan yaiku shalat sejati arane. Dene tetengere ing dalem kita iku panas awake kabeh kaya geni panas sabab dene atine iku dzikir kanti ngucapake lafad لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ utawa ngucap اَللهُ اَللهْ utawa ngucap هُوْ هُوْ. Dene utamene dzikir iku ngucap هُوْ هُوْ kanti eling sejatine Allah, lan maneh utamane dzikir iku ngucap يَاهُوْ kanti eling Ahadiyat kaliko metune napas, ngucap Ya naliko mlebune napas ngucap هُوْ. Dene sebute iku puji arane. Dene arane Allah iku ana papat yaiku rupane : 1. Dzat 2. Sifat 3. Asma 4. Af’al. Dene arane kanjeng nabi Muhammad iku uga ana papat : 1. Wujud 2. Ilmu 3. Nur 4.Syuhud. Dene bakale nabi Adam iku ya papat : 1. Bumi 2. Api 3. Angin 4. Banyu. Dene bakale anak Adam iku ya uga papat : 1. Mani 2. Madzi 3. Wadi 4. Maningkem. => Tegese mani iku dadi nyawa. => Tegese madzi iku dadi sukma. => Tegese wadi iku dadi wujude awak. =>Tegese maningkem iku dadi cahya Johar Iki patokane ilmu ojo kakehan istilah dadi kafir. Yen den ricik-ricek yen durung weruh patokane ilmu mungguh kersane para Syekh Arif dawuhi artine mangkene; Wahe para sedulur, sira kabeh ojo ana kang pada kaling-kalingan pati. Tegese ojo ana kang rumongso duweni pati, lan ojo kaling-kalingan padang tegese ojo rumongso duwe padang, lan ojo kaling-kalingan peteng tegese ojo rumongso duwe peteng, lan ojo kaling-kalingan roh aohani tegese ojo rumongso duwe roh rohani, lan ojo kaling-kalingan roh idlofi tegese ojo rumengso duwe roh idlofi, lan ojo kaling-kalingan roh jasmani tegese ojo rumongso duwe roh jsmani. Kerana kabeh iku mau dedalan sasar pomo-pomo ojo kasi ora nauhidake ing Allah Ta’ala, lamun kasi ora nauhidake ing Allah Ta’ala dadi kafir. Jalaran kabeh iku asal songko Allah, kudu bali marang Allah, bali marang wujude Allah tegese jerone rasa iku rasa rasa ning rasa mung kari eling yen wujud iku wujude Allah, rupo rupone Allah, aran arane Allah, gawe gawene Allah, kuwasa kuwasane Allah, arep arepe Allah, rambut rambute Allah, kulit kulite Allah, daging daginge Allah, otot otote Allah, balung balunge Allah, sungsum sungsume Allah, ati atine Allah, emper empere Allah, roh rohe Allah, jantung jantunge Allah, awak awake Allah, urip uripe Allah, awal awale Allah, akhir akhire Allah, dhahir dhahire Allah, batin batine Allah, weruh weruhe Allah, tingal tingale Allah, ambekan ambekane Allah, ucap ucape Allah, krungu krungune Allah, suwara suwarane Allah, mata matane Allah, irung irunge Allah, cangkem cangkeme Allah, kuping kupinge Allah, gulu gulune Allah, pundak pundake Allah, lengen lengene Allah, sikut sikute Allah, ugel-ugel ugele Allah, epek-epek epek-epeke Allah, deriji derijine Allah, kuku kukune Allah, dada dadane Allah, weteng wetenge Allah, udel udele Allah, lakang lakange Allah, nonong nononge Allah, peli peline Allah, kontol kontole Allah, tangan tangane Allah, entong entonge Allah, gigir gigire Allah, bangkekan bangkekane Allah, boyok boyoke Allah, bodong badonge Allah, tempong tempnge Allah, bokang bokonge Allah, silet silete Allah, pupu pupune Allah, dengkul dengkule Allah, cengklok cengkloke Allah, gares garese Allah, kentol kentole Allah, polok poloke Allah, kecet kecete Allah, delamakan delamakane Allah, deriji derijine Allah, kuku kukune Allah, iman amane Allah, tauhid tauhide Allah, ma’rifa ma’rifate Allah, islam islame Allah, sampurna sampurnane Allah, baqa’ baqa’e Allah, angen-angen angen-angene Allah, pikir pikire Allah, krentek krenteke Allah, rasa rasane Allah, eling elinge Allah, ngerti ngertine Allah, shalat shalate Allah, ngadek ngadeke Allah, ruku’ ruku’e Allah, i’tidal i’tidale Allah sujud sujude Allah, lungguh lungguhe Allah, tingkah tingkahe Allah, ora ana wujud sejati kajobo Allah, ora ana rupa sejati kajobo Allah, ora ana aran sejati kajobo Allah, ora ana gawe sejati kajobo Allah, ora ana warna kajobo Allah, ora ana alam kajobo Allah, kang ana sak piturute wis mung iku yen sira langgeng elinge kang koyo mangkono iku kena den arani Shalat Daim lan kena en arani Sampurnane Syahadat lan kena den arani Sampurnane shalat lan kena den arani Sampurnane Takbir lan kena den arani Sampurnane Zakat lan kena den arani Sampurnane Poso lan kena den arani Sampurnane Haji lan kena den arani Sampurnane Islam lan kena den arani Sampurnane Iman lan kena den arani Sampurnane Tauhid lan kena den arani Sampurnane Ma’rifat lan kena den arani Sampurnane Urip lan kena den arani Sampurnane Pati lan kena den arani Sampurnane Barzah lan kena den arani Sampurnane Kubur. IKI CARANE AREP MANJENG MATI Ingsun manjeng ing desa sepi teko mati Sirrullah Karomatullah Dzatullah Sifatullah, ingsun ratuning roh kabeh rep sirep saking kersane Allah, susung banyu banyune welut putih delelep tan ana ketingal dep sep tan ana katon tis celeleng tan ana katon Allahumma kun payakun wayangan dzatullah rineksa dening Allah, kinemungan dening sukma ingalingan deneng Allah لاَاِلٰهَ اِلاَّاللهُ مُحَمَّدٌرَسُوْلُ اللهِ Dene artine: Ingsun ngancek ing desa sepi teko mati iku tegese ora ana dzat ora ana sifat tegese ora ana badan lan ora ana urip kajobo mung Allah Ta’ala dewe. Dene artine: Sirrullah karomatullah iku tegese ora ana rasa lan ora ana kuwasa kajobo mung Allah Ta’ala dewe. Dene artine: Dzatullah Sifatullah ingsun ratuning roh kabeh rep sirep saking kersane Allah iku tegese wujud lan rupa ora ana kajobo mung wujud lan rupane Roh Qudus, ora ana obah usik kajobo mung obah usike Allah Ta’ala. Dene artine: Susung banyu banyune welut putih iku tegese urip langgeng yaiku Banyu Nur Alif tegese yaiku banyune Alip telung perkara: 1) Kang den arani Alip Dzatul Wahid, 2) Kang den arani Alip Huruful Wahid, 3) Kang den arani Alip Mutakallim Wahid. Dene artine: Delelep tan ana ketingal dep sep tan ana katon tis celeleng tan ana tan ana katon iku tegese ora ngerti lan ora weruh dhahir bathin ora ana mata bisa weruh ora ana kuping bisa krungu ora ana cangkem bisa ngucap ora ana irung bisa ngambu sak piturute kajobo mung Allah Ta’ala dewe. Dene artine: Allaahumma kun fayakun wayangan Dzatullah rineksa deneng Allah, kinemungan dening Allah ingalingan dening Allah لاَاِلٰهَ اِلاَّاللهُ مُحَمَّدٌرَسُوْلُ اللهِ iku tegese sing wis ana kang durung ana iku mung ayang-ayange Allah utawa wujude Allah dadi sing wujud Allah kang den wujudake Allah wujude wujude Allah, dene kabeh kuwasa lan karep sak piturute iku kabeh mung kuwasane lan karepe. Sukma kang den arani Rohullah ya kabeh iku mau mung kagungane Allah. Dene lakune iku kudu poso mutih, lan olehe poso iku kudu 40 dina lan sak jerone nglakoni poso ora kena awor wong lan weruh wong lan ketok wong. Wallahu a’lam. IKI KAWERUHANA CARANE MLEBU BANYU SEGARA Allaahumma nur ya hu tuhu sir tunjung rasa sukma musyarafatun datan rusak sukma sejati sir campuh ing rasa datan kahitang sukma wasisa senter putih paningalku tengen sang kumeter paningalku kiwa pepayungku Allah kekudungku Nabi pebadongku nyawa jimatku penerima iki sukma sirmani kang jumeneng ana telenge menusa tegese menusa kang ana sak jerone roh idlofi yaiki syahadat liyeming pati tan katon murda tan ana katon, Allahu Akbar. Dene artine: Allahumma nur Ya Hu tuhu sir tunjung iku tegese nurudzdzat yaiku Nurullah Agung Luhur tanpa ana kang bandingi, tanpa ana kang madani, lan ya aran rasa sejati–sejatine rasa. Dene artine: Rasa sukma musyawarafatun datan rusak iku tegese yaiku kang den arani rasa urip tunggal mulya dewe tanpa ana kang mulyaake mulya selawase sing tanpa ana ente’e. Dene artine: Sukma sejati sing campuh ing rasa yaiku tegese urip jati kang campuh tanpa kena den bedakake rasa kita lan rasane Allah kaya campure Dzat lan Sifat. Dene artine: Datan kaetang sukma wasesa senter putih paningalku tengen sak kumeter paningalku kiwa iku tegese ora siji ora loro ora ganti-ganti yaiku sukma Rohullah lan kena den arani Rohil Qudus kang nguwasani sekabehane kang den arani terputih kang manggon ana utek, pelawange ana mata tengen lan kang manggon ana utek kang den arani geter putih lan kang den arani nafsu muthmainah, pelawangane ana mata kiwa Artine: Pengayungku Allah kekudungku nabi, pebadongku nyawa, jimatku penarima iku tegese; ora ana kuwasa lan ora ana penguwasakajobo Allah. Dene jasad lan gauta iku ora liyo kajobo asal dumadi songko nur Muhammad. Dene obah menenge jasad lan gauta iku ora liyo mung songko nyawa. Dene iman iku penarimane nyawa ing Allah Ta’ala. Dene artine: Iki sukma sir mani kang jumeneng ana telenge manusa iku tegese manusa kang ana sak jerone roh idlofi tegese kang den arani sukma sir mani iku kang manggon ana telenge manusa yaiku manggone ana sak jerone ati jantung kang den arani gedung roh idlofi. Dene artine: yaiku syahadat liyeping pati tan katon murdo tan ana katon Allahu Akbar iku tegese yen sira mangerti kang koyo mangkono mau kena den arani ngerti ing Sejatine Urip lan ngerti ing Sejatine Pati lan kena den arani urip sk jerone pati – mati sak jerone urip kerana wus ora ana katon kajobo mung Allah lan Akbar tegese ilang akbar mung kari Allah bloko. Wallaahu a’lam. Dene Shalat Syare’at iku yenden srupoake kaya wujude manusa, iki contone: Dene kang dadi awake shalat iku niyat. Dene kang dadi sirahe shalat iku moco Fatihah. Dene kang dadi balunge shalat iku maca sami’allaahu liman hamidah. Dene kang dadi matane shalat iku ruku’. Dene kang dadi otote shalat iku sujud. Dene kang dadi kulite shalat iku lungguh. Dene kang dadi tangane shalat iku syahadat loro yaiku; اَشْهَدُاَنْ لاَاِلٰهَ اِلاَّاللهْ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًارَسُوْلْ اللهِ Dene kang dadi sukune shalat iku salam. Dene kang dadi uteke shalat iku takbirotul ihrom. Dene kang dadi rohe shalat iku ruku’ lan sujud. Banjur kaweruhana dununge sifat rong puluh lan manggone sifat rong puluh. Dene manggone sifat rong puluh iku ana patang panggonan, yaiku : 1) Kang manggon ana sifat Qahar ana lima (5), iki rupane ; a. Qudrat b. Irodat c.‘Ilmu d. Hayat e. Wahdaniyat 2) Kang manjing ana sifat Jalal ana papat (4), iki rupane : 1. Qadiron 2. Muridan 3. ‘Aliman 4. Hayyan 3) Kang manjing ana sifat Jamal iku ana nem (6), iki rupane ; 1. Sama’ 2. Bashar 3. Kalam 4. Sami’an 5. Bashiran 6. Mutakallaman 4) Kang manjing ana sifat Kamal iku ana lima (5), iki rupane ; 1. Wujud 2. Qidam 3. Baqa’ 4. Mukhalafatulil hawadits 5. Qiyamuhu binafsih Mula kabeh iku mau pada retenana ojo kasi ora ngerti lan lakonono, ojo kasi ora den lakoni. Lamun ora ngerti dadi kafir. Lamun ora den lakoni dadi kufur. tamat..... وَاللهُ اَعْلَمْ بِمُرَادِهِ رَبىِّ زِدْنىِ عِلْمًا نَافِعًا * وَوَفِقْنىِ عَمَلاً صَالِحًا مَقْبُوْل
0 Response to "KITAB USHULUL MA'RIFAT EDISI BOSO JOWO"
Post a Comment